1. Rahayu wongkang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka,lan ora ngambah dalane wong dosasarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,
2. nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah,lan digilut-gilut rina wengi.
3. Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali,kang metokake woh ing kalamangsane,lan ora alum godhonge,apa bae kang ditandangi mesthi lestari.
4. Ora mangkono mungguh wong duraka,nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.
5. Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing ngarsane pangadilan,mangkono wong dosa ana ing pakumpulane para wong mursid;
6. amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid,nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.