Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 39 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 39

Pandonga nyuwun pitulungan

39:1-14

1. Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati,supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku,cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus,sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”

3. Aku mbisu, aku meneng,aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik,nanging prihatinku saya banget.

4. Atiku panas ana ing jeroku,murub kaya geni nalika aku sesambat;aku munjuk kalawan ilatku:

5. “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula,punapadene bab watesing umur kawula,supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!

6. Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah;saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka,pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)

7. Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung,namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah,nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.

8. Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti?Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.

9. Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan,kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.

10. Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula,amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.

11. Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula,kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka.

12. Paduka ngrangket tiyang mawi paukuman,jalaran lepat;kaendahanipun Paduka lebur kadosdene renget,pancen saben tiyang punika namung bab ingkang tanpa gina. (Selah)

13. Dhuh Yehuwah mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,saha nilingna ing pasambat kawula,tetesing eluh kawula sampun Paduka kendelaken kemawon,amargi kawula punika mondhok wonten ing ngarsa Paduka,tiyang neneka kadosdene leluhur kawula sadaya.

14. Paduka mugi mengkeraken kawula, supados kawula saged bingar,saderengipun kawula kesah sarta boten wonten ing malih.”