Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 91 Kitab Sutji (JAV)

Ana ing pangaubane Gusti Allah

91:1-16

1. Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhurlan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,

2. iku bakal nyebut marang Yehuwah mangkene: “Pangungsen saha beteng kawula,Gusti Allah kawula ingkang kawula andelaken.”

3. Sanyata Panjenengane iku kang bakal nguwalake kowe saka ing jirete juru pikat,lan saka pageblug kang mbilaeni.

4. kowe bakal dikemuli kalawan elare,bakal diayomi ing sangisoring siwiwine,kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.

5. Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi,marang panah kang lumepes ing wayah awan,

6. marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng,tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.

7. Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu,sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu,ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;

8. iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae,lan ndeleng piwales marang para wong duraka.

9. Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu,Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,

10. Kowe ora bakal katempuh ing bilai,sarta ora ana wewelak kang nyedhaki tarubmu;

11. awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe,supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.

12. Kowe bakal ditadhahi ing tangane,supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.

13. Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi,singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.

14. “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari,bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.

15. Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani,ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi,bakal Sunentasake lan Sunluhurake,

16. bakal Sunwaregi kalawan umur dawa,lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”