Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 36 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 36

Durakane wong dosa lan sih-rahmate Gusti Allah

36:1-13

1. Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud abdine Sang Yehuwah.

2. Dosa iku celathu marang wong duraka ana ing sajroning atine;ing batine ora tinemu rasa wedi-asih marang Allah,

3. sabab wong mau mbebujuk marang awake dhewe,nganti wong nyumurupi kaluputane lan sengit marang iku.

4. Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan,wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.

5. Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala,kang diambah dalan kang ora becik,sarta ora nyirik piala.

6. Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka punika sundhul ing akasa,saha kasetyan Paduka dumugi ing mega.

7. Kaadilan Paduka punika kados redi-redining Allah,pancasan Paduka kados samodra agung ingkang nggegirisi.Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan.

8. Iba-iba ajining sih-kamirahan Paduka, dhuh Allah!Para anaking manungsa sami ngungsi dhateng aubing swiwi Paduka.

9. Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka,sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.

10. Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka;anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.

11. Kamirahan Paduka mugi kaluberna dhateng tiyang ingkang sami tepang kaliyan Paduka,sarta kaadilan Paduka dhateng ing tiyang ingkang tulus manahipun.

12. Kawula mugi sampun ngantos kaicak-icak ing sukunipun tiyang gumunggung,utawi katundhung ing tanganipun tiyang duraka.

13. Lah punika para tiyang ingkang nglampahi piawon sami dhawah;sami kabanting ngantos boten saged tangi malih.