Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 21 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 21

Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul

21:1-14

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka,sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!

3. Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi,saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

4. Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber;saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.

5. Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi,ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.

6. Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka,punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.

7. Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun;Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

8. Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah,saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

9. Asta Paduka badhe namani sakathahipun mengsah Paduka,ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen

10. sami badhe Paduka dadosaken kadosdene pawon murub,samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah.Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya,sarta sami badhe kamangsa ing latu.

11. Turunipun badhe Paduka sirnakaken saking bumi,tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.

12. Manawi badhe damel cilaka panjenengan dalem,sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.

13. Malah badhe Paduka damel sami lumajeng sadaya,sendhenging gandhewa Paduka, Paduka arahaken dhateng rainipun.

14. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng kanthi pangwaos Paduka!Kawula lajeng sami ngidung saha ngrepekaken masmurtumuju dhateng ing kasantosan Paduka.