1. Kanggo lurah pasindhen.Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika nyaosake kurban pengetan.
2. Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula,dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula!
3. Tiyang ingkang ngangkah njabut nyawa kawula,mugi sami kawirangna saha klicutan;ingkang ngangkah damel bilai kawula,mugi sami kaundurna saha nandhanga wirang;
4. kajengipun mundur margi isin,ingkang sami mungel: “Sokur, sokur!”
5. Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka,sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya;ingkang nresnani karahayon peparing Paduka,tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!”
6. Kawula punika sangsara lan mlarat, dhuh Allah,mugi karsaa enggal rawuh!Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula;dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos ngrandhataken rawuh Paduka!