Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 44 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 44

Pasambate bangsa kang katindhes

44:1-27

1. Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Kidung piwulang.

2. Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak,saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula,bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun,inggih kala jaman kina.

3. Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka,nanging para leluhur sami Paduka tanem,suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara,nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.

4. Amargi boten sarana pedhang anggenipun sami ngejegi nagari,sanes tanganipun ingkang murugaken unggul,nanging asta Paduka tengen, bau Paduka saha cahyaning wadana Paduka,sabab sami damel rena Paduka.

5. Inggih Paduka piyambak punika ingkang jumeneng dados Raja saha Allah kawula,ingkang ndhawuhaken kaunggulanipun Yakub.

6. Kanthi pitulungan Paduka kawula saged ngrebahaken mengsah,sarta margi saking asma Paduka kawula saged ngiles-iles para tiyang ingkang nglawan kawula.

7. Amargi sanes panah kawula ingkang kawula andelaken,sanes pedhang kawula ingkang murugaken unggul,

8. nanging Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng kawula samangsa kawula nglawan mengsah,saha Paduka ingkang mirangaken tetiyang ingkang sami nyengiti kawula.

9. Awit saking Gusti Allah kawula sadinten muput sami ngrepekaken kidung pamuji,sarta asma Paduka sami kawula puji ing salaminipun. (Selah)

10. Nanging sapunika kawula sami Paduka kipataken sarta Paduka kendel kemawon, kawula sami kawirangan.Paduka boten miyos ngirid lampahing wadya-bala kawula.

11. Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawulalan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.

12. Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan,saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.

13. Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanansarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.

14. Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula,kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

15. Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa,tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.

16. Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula,sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,

17. awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah,wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.

18. Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka,inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.

19. Manah kawula sami boten mbangkang,saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,

20. sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag,saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.

21. Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula,lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,

22. punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika?Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?

23. Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun,saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.

24. Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare?Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula.

25. Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka,saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya?

26. Dene nyawa kawula tumungkul ing lebu,badan kawula kelet ing siti.

27. Mugi Paduka karsaa jumeneng mitulungi kawula sadaya,sarta karsaa ngluwari kawula awit saking sih-piwelas Paduka.