1. Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.Saiba prayoga lan endahe,manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.
2. Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirahkang ndlewer marang jenggot,kang ndlewer marang jenggote Imam Harunlan marang guloning jubahe.
3. Kayadene ebune gunung Hermonkang mudhun ing gunung-gununge Sion.Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkahlan urip nganti ing salawase.