Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 42 Kitab Sutji (JAV)

Ayub nyeled tembung-tembunge lan nlangsa ana ing ngarsane Gusti Allah

42:1-6

1. Ing kono Ayub banjur ngunjukake wangsulan marang Sang Yehuwah, ature:

2. “Kawula sapunika mangretos, bilih Paduka kwaos nindakaken samukawis,saha boten wonten karsa Paduka ingkang kenging kabadal.

3. Paduka ndangu makaten:Sapa kang nutupi pepesthen tanpa kawruh?Sampun tetela bilih anggen kawula cariyos punika tanpa pangretosan.Ingkang boten ginayuh ing pikiran kawula punika kawula cariyosaken.

4. Paduka dhawuh: Rungokna, Ingsun bakal paring pangandika;Sira arep Sundangu, sira ngaturana wangsulan!

5. Anggen kawula mireng bab Paduka punika namung saking katranganing tiyang,nanging sapunika kawula ningali Paduka kalayan mripat kawula piyambak.

6. Pramila tembung-tembung kawula kawula celed,sarta kalayan nalangsa kawula sumungkem ing lebu tuwin awu.”

Kaanane Ayub kapulihake

42:7-17

7. Kacarita sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandika ing dhuwur mau marang Ayub, banjur ngandika marang Elifas, wong Teman, mangkene: “BebenduningSun mulad-mulad marang sira lan marang mitranira sakarone, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.

8. Mulane saiki sira padha njupuka sapi lanang nom pitu lan wedhus gembel lanang iya pitu, nuli maranana abdiningSun Ayub, padha nyaosna kurban obaran, tuwin Ayub abdiningSun nyaosna pandonga tumrap sira, awit mung pandongane kang bakal Suntrimah, supaya sira ora padha Sunaniaya, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.”

9. Elifas wong Teman, Bildad wong Suah, lan Zofar wong Naama banjur padha nindakake kaya sadhawuhe Sang Yehuwah mau sarta Sang Yehuwah karsa midhangetake pandongane Ayub.

10. Pangeran Yehuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarane, sawise ndongakake mitrane mau sarta diparingi tikele kang wus dadi duweke ing maune.

11. Nalika iku Ayub katuwenan dening sakehe sadulure lanang wadon apadene kawanuhane kabeh, padha kembul mangan karo Ayub ana ing omahe kambi nglairake belasungkawa lan aweh panglipur ing bab anggone mentas kaganjar kasangsaran dening Pangeran Yehuwah, apadene siji-sijine padha menehi dhuwit sakesitah karo ali-ali emas siji.

12. Wasana Ayub diberkahi dening Sang Yehuwah nganti ngungkuli dhek biyen; duweke kang rupa wedhus patbelas ewu, untane nem ewu, sapine sewu rakit, lan kang rupa kuldi wadon sewu.

13. Anake kang lanang pitu lan kang wadon telu.

14. Anake wadon mau kang dhisik dijenengake Yemima, kang kapindho Kesia, lan kang katelune Keren-hapukh.

15. Ing sanagara ora ana wong wadon kang ayune kaya anak-anake Ayub, kabeh padha dipandumi warisan dening bapakne padha kaya sadulure lanang.

16. Sawuse kelakon kang kasebut ing dhuwur iki, Ayub kaganjar umur maneh satus patang puluh taun sarta menangi anak-putu nganti patang turunan.

17. Patine Ayub wus tuwa banget, wus wareg anggone ngrasakake uripe.