Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 105 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 105

Kidung pamuji tumrap pakaryane Gusti Allah kang wus kelakon

105:1-45

1. Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane,pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!

2. Padha ngidunga kagem Panjenengane, kidungna kalawan masmur;saliring pakaryane kang elok padha caritakna!

3. Padha ngegung-egungna asmane kang suci,atine para wong kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah dimen padha bungah.

4. Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,padha tansah ngupayaa wedanane!

5. Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake,tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake,

6. he para putra-wayahe Rama Abraham, abdine,he para putrane Rama Yakub, pepilihane!

7. Iya panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pepancasane nyrambahi ing salumahing bumi.

8. Panjenengane ngengeti ing prasetyane nganti ing salawas-lawase,yaiku sabda kang wus didhawuhake marang sewu turunan,

9. kang wus didamel karo Rama Abraham,lan supaose marang Rama Iskak;

10. kang ditetepake dadi pranatan kanggo Rama Yakub,dadi prajanjian langgeng kanggo bangsa Israel,

11. mangkene pangandikane: “Sira bakal Sunparingi tanah Kanaan,dadi tanah pusaka kang katemtokake kanggo sira.”

12. Nalika cacahe durung sapiraa,mung sethithik, tur dadi wong ngamanca ana ing kono.

13. Sarta padha ngumbara saka panggonane bangsa kang siji, menyang panggonane bangsa sijine,saka ing karajan kang siji menyang panggonane suku bangsa sijine;

14. Panjenengane ora marengake yen ngantia padha dianiaya dening sapa-sapaa,para ratu padha diukum marga saka dheweke kabeh;

15. pangandikane: “Para jebadaningSun aja nganti sira ganggu-gawe,lan aja nandukake piala marang para nabiningSun!”

16. Nalika Panjenengane ndhatengake pailan ana ing nagara kono,lan sakehe tandhon pangan disirnakake,

17. banjur ana wong kang kautus ndhisiki dheweke kabeh:Yusuf kang kaedol dadi batur tukon.

18. Sikile dibelok,gulune rinante ing wesi,

19. nganti tumeka ing titimangsane pangandikane kelakon,sarta pancasaning Yehuwah mbenerake dheweke.

20. Sang Prabu nuli dhawuh ngluwari,pangwasane para bangsa kang ngluwari.

21. Nuli dikarsakake dadi lelurahing kadhatone,lan tinanggenah mengku apa sakagungane Sang Prabu kabeh,

22. diparengake ngereh para panggedhe abdine Sang Prabu sakarsane piyambak,sarta memulang kawicaksanan marang para tetuwane.

23. Mangkono Rama Israel banjur rawuh ing tanah Mesir,lan Rama Yakub dadi wong neneka ana ing tanahe Kham.

24. Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar,kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe;

25. atine mungsuhe mau diwalik temah padha sengit marang umate Gusti Allah,sarta abdine padha dipitenah.

26. Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine,lan Imam Harun pepilihane.

27. Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe,sarta mukjijat ana ing tanah Kham.

28. Pangeran ndhatengake pegowong, temah dadi peteng,nanging padha mbangkang marang pangandikane;

29. banyune kasabdakake malih dadi getih,sarta iwake padha dipateni.

30. Kodhok-kodhok padha uyel-uyelan ana ing negarane,malah nganti tekan ing kamar-kamare rajane.

31. Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak,lan lemud-lemud ing satanah kabeh;

32. Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono,lan geni kang mulad-mulad ing negarane;

33. wit anggur lan anjir padha karubuhake,lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali.

34. Gusti Allah ngandika, banjur ana walang,lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,

35. banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane,sarta ngganyang sapametuning palemahane.

36. Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane,wohing kekuatane kang kawitan.

37. Umate nuli diirid metu kalawan nggawa salaka lan emas,lan panunggalane sakehing talere ora ana kang kajengklok siji-sijia.

38. Nalika metune mau wong Mesir padha bungah-bungah,amarga wong Mesir padha ketaman wedi marang dheweke kabeh.

39. Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate,tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi.

40. Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak,sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.

41. Pangeran mbengkahake parang, banjur ana banyu mancur,kang mili kaya kali ana ing tanah garing.

42. Iku marga Panjenengane ngengeti marang pangandikane kang suci,marang Rama Abraham abdine.

43. Gusti Allah ngirid umate metu kalawan bungah-bungah,sarta pepilihane kalawan surak-surak.

44. Padha diparingi negarane para bangsa,temah padha tampa oleh-olehane rekasane para bangsa,

45. supaya padha tetep nindakake pranatane Gusti Allah,lan ngestokake marang sakehe piwulange.Haleluya!