Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 146 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 146

Mung Gusti Allah kang paring pitulungan ora ana liyane

146:1-10

1. Haleluya!Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah!

2. Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip,Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.

3. Aja kumandel marang para panggedhe,lan marang anaking manungsa kang ora bisa aweh karahayon.

4. Manawa nyawane pecat, banjur bali menyang ing lemah;ing dina iku uga kekarepane sirna.

5. Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge,kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,

6. Panjenengane kang nitahake langit lan bumi,segara lan saisine kabeh,kang tetep setya ing salawase,

7. kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes,kang paring pangan marang wong kang padha keluwen,Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.

8. Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta,Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul,Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.

9. Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca,bocah lola lan randha padha disantosakake maneh,nanging dalane wong duraka dienggokake.

10. Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase,Allahmu, he Sion, turun-tumurun.Haleluya!