Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 144 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 144

Kidung panuwunipun Sang Prabu

144:1-15

1. Anggitane Prabu Dawud.Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku,kang mulang perang tanganku,nggladhi tarung drijiku,

2. kang dadi pangaubanku lan bebetengku,kuthaku kang santosa lan kang ngluwari akutetamengku sarta papan pangungsenku,kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku!

3. Dhuh Yehuwah, manungsa punika punapa ta, dene kok Paduka gatosaken,punapadene anaking manungsa, dene kok Paduka galih?

4. Manungsa punika sami kados angin,dinten-dintenipun kados wewayangan ingkang lumampah.

5. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mentiyungaken langit Paduka,saha lajeng karsaa tumedhak.Paduka mugi karsaa ndumuki redi-redi supados sami ngedalaken kukus.

6. Paduka mugi karsaa mbabitaken kilat sami kabuyarna.Paduka mugi karsaa nglepasaken jemparing Paduka, temahan sami pating bilulung.

7. Paduka mugi karsaa mulungaken asta Paduka saking ing ngaluhur,kawula mugi kauwalna saha kaluwaranasaking bena saking tanganipun para tiyang ngamanca,

8. ingkang cangkemipun ngucapaken dora,sarta ingkang tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.

9. Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal,kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa.

10. Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng para raja,sarta ngluwari Dawud, abdi Paduka.

11. Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking pedhanging bilai,kauwalna saking tanganipun para tiyang ngamanca,ingkang cangkemipun sami ngucapaken dora,tuwin tanganipun tengen punika tangan tengening cidra.

12. Mugi-mugi anak-anak kawula jaler sami dadosa tetaneman,ingkang thukul dados ageng ing nalika enemipun,sarta anak-anak kawula estri sami dadosa saka-saka pojokan,ingkang dipun tatahi kangge yeyasan kraton.

13. Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi,menda kawula sami bebranahana dados ewon,dasanan ewon wonten ing pangenan kawula!

14. Lembu-lembu kawula sami sageda wreden,sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron,punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula!

15. Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono!Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah!