Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 132 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 132

Prabu Dawud lan kutha Sion pilihane Pangeran Yehuwah

132:1-18

1. Kidung jiyarah.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengetana dhumateng Prabu Dawudtuwin sakathahing kasisahanipun;

2. anggenipun supaos dhumateng Sang Yehuwah,saha nglairaken punagi dhumateng Allahipun Rama Yakub, ingkang Mahakuwaos makaten:

3. “Saestu kawula boten badhe lumebet ing kemah padunungan kawula,sarta boten minggah dhateng kanthil patileman kawula,

4. inggih boten ngangsalaken mripat kawula tilemutawi ngliyepaken tlapukan kawula,

5. ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah,padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”

6. Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata,wus oleh ana ing ara-ara Yaar.

7. “Payo padha lumebu marang padalemaning Allah,padha sujud nyembah ana ing ngarepe ancik-ancikaning sampeyane.”

8. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka,Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka.

9. Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan,saha para kekasih Paduka sami surak-suraka!

10. Margi saking Prabu Dawud, abdi Paduka,mugi Paduka sampun nampik dhumateng jebadan Paduka.

11. Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos,kang mesthi ora bakal diselaki:“Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;

12. angger turunira tetep anggone ngestokake prasetyaningSun,tuwin sakehing pranatan-pranatan kang Sunwulangake marang dheweke,anak-putune turunira mau ing salawas-lawasebakal padha lungguh ing dhamparira.”

13. Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah,dikarsakake dadi padalemane.

14. “Iki padalemaningSun ing salawase,ana ing kene anggoningSun bakal dedalem, awit iku karsaningSun.

15. Panguripane bakal Sunberkahi nganti luber,sarta wonge mlarat bakal Sunwaregi kalawan roti.

16. Para imame bakal Sunsandhangi karahayon,sarta para wonge kang mursid bakal padha surak-surak marga saka bungahe.

17. Ana ing kono Ingsun bakal nuwuhake sungu kanggo Dawud,sarta jebadaningSun bakal Suncawisi diyan.

18. Mungsuhe bakal padha Sunanggoni sandhangan kang kebak kawirangan,nanging Dawud iku bakal nganggo makutha kang mencorong.”