Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 27 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 27

Ayem ana ing pangayomaning Allah

27:1-14

1. Anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku,sapa kang dakwedeni?Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku,sapa kang marakake aku gumeter?

2. Nalika para durjana padha nempuh marang akuarep mangan dagingku,yaiku sakehing satruku lan mungsuhkubanjur padha kajengklok lan tiba.

3. Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku,atiku ora giris,sanadyan tuwuh peperangan,atiku tetep pracaya.

4. Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah,yaiku kang dakpenginimuga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,nyawang kadarmane Sang Yehuwahsarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.

5. Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane,manawa ana bebaya;ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube.Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.

6. Saiki sirahku jejeg,ngungkuli musuh kang ngepung aku;ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak;aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.

7. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken pasambat kawula ingkang kawula unjukaken,mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan!

8. Manah kawula ndherek dhumateng pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.”Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.

9. Paduka mugi sampun nutupi wedana Paduka dhateng kawula,Paduka sampun nampik abdi Paduka klayan bebendu;Paduka punika pitulungan kawula,kawula mugi sampun Paduka tampiksaha Paduka tilar,dhuh Allah, Juruwilujeng kawula!

10. Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula,nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula.

11. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka,sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradinmargi saking wontenipun mengsah kawula.

12. Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng hawa nepsunipun satru kawula,awit sampun wonten seksi-seksi dora ingkang sami nglawan kawula,kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa.

13. Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwahana ing bumining wong urip!

14. Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!Padha dipanggah lan ditatag atimu!Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!