Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 35 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 35

Pandonga nyuwun tulung, marga ana mungsuh

35:1-28

1. Anggitane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenana tiyang ingkang sami mabeni kawula,mugi merangana tiyang ingkang sami merangi kawula.

2. Paduka mugi karsaa ngasta tameng lan paris,Paduka mugi karsaa jumeneng mitulungi kawula.

3. Paduka mugi karsaa ngedalaken tumbak kaliyan wadung-perangkangge nglawan para tiyang ingkang sami ngoyak kawula;saha Paduka mugi karsaa ngendika dhateng nyawa kawula:“Ingsun kang mitulungi sira.”

4. Tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawulamugi samia kisinan lan kawirangan,tuwin ingkang ngangkah dhateng sangsara kawulamugi samia mundur lan kisinan.

5. Samia kados mrambut kabur ing angin,samangsa sami kakentasaken dening Malaekating Yehuwah.

6. Marginipun dadosa peteng saha lunyu,saha sami kaoyaka dening Malaekating Yehuwah.

7. Tanpa jalaran anggenipun masangi kala-jiret dhateng kawula,tanpa jalaran anggenipun ndhudhuk luwangan kangge kawula.

8. Tiyang punika kadhatengana ing bilai ingkang boten kanyana-nyana,sarta kajireta ing kala ingkang kapasang piyambak,kajengipun dhawah temah sirna!

9. Nanging kawula badhe asurak-surak margi saking Pangeran Yehuwah,sarta badhe suka pari suka margi saking paringipun pitulungan.

10. Balung kawula sadaya badhe munjuk makaten:“Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kados Paduka,ingkang ngluwari tiyang kesrakat saking tanganipun tiyang ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun,sarta ingkang ngluwari tiyang sangsara saha mlaratsaking tanganipun ingkang ngrampog?”

11. Seksi ingkang remen dhateng kakerasan sami jumedhul,sami nggigat ing bab ingkang boten kawula ngretosi.

12. Kasaenan kawula dipun wales piawon,temah nyawa kawula dados pepes.

13. Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit,kawula mangangge bagor,kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam,tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,

14. kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit,kados makaten tangkep kawula;kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun,lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor.

15. Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak,sami nggrombol nglawan kawula;tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula,sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;

16. anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila,klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.

17. Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon?Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika,sarta saking singa-singa enem!

18. Kawula lajeng badhe ngidungaken panuwun dhateng Paduka wonten ing pasamuwan agung,Paduka badhe kawula luhuraken wonten ing satengahing rakyat kathah.

19. Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab,punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula,tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab,sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.

20. Ingkang dipun rembag sanes karukunan,malah sami ngrancang pratingkah cidrakangge nglawan tiyang ing nagari ingkang gesangipun sami rukun.

21. Punapa malih sami broak-braok ujaripun dhateng kawula;tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wus weruh!”

22. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampun nguningani, mugi Paduka sampun kendel kemawon,dhuh Pangeran, mugi sampun ngantos nebihi kawula!

23. Paduka mugi karsaa wungu lan karsaa jumeneng mbelani wewenang kawula,dhuh Allah kawula, lan Gusti kawula, Paduka mugi karsaa ngembani prakawis kawula.

24. Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka,supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula!

25. Sampun ngantos sami nggraita makaten:“Lah kaya mangkono kuwi kang padha dakkarepake.”Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wis dakuntal!”

26. Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan,tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula,tiyang ingkang sami methenthengi kawula,sami nandhanga wirang isin.

27. Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken,punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah!sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung,kang ngarsakake rahayune abdine!”

28. Wondene ilat kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,tuwin memuji Paduka ing sadinten muput.