Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 19 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 19

Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere

19:1-15

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Langit nyaritakake kamulyaning Allah,sarta akasa mratelakake yeyasaning astane;

3. rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti,lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.

4. Ora ana pawarta lan ora ana tembung,ora keprungu swarane,

5. ewadene kumandhange ngebeki salumahing bumi,pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad.Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit

6. kang pletheke kaya panganten lanang kang lagi metu saka ing kamare,berag kaya prawira kang arep lumaku ing dalane.

7. Wetune saka ing tepining langitsarta ubenge tumeka ing sisih liyane,ora ana barang kang ora kena ing panasing sunare.

8. Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna,nyegerake nyawa;pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu,aweh kawicaksanan marang wong kang ora duwe pangalaman.

9. Pangandikane Sang Yehuwah iku patitis,mbungahake ati;prentahe Sang Yehuwah iku murni,gawe sumoroting mripat.

10. Wedi marang Sang Yehuwah iku suci,lestari ana ing salawase;paugerane Sang Yehuwah iku bener,kabeh adil,

11. endahe ngungkuli mas,malah ngluwihi mas murni akeh;legine ngungkuli madu,malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.

12. Lan malih abdi Paduka dipun engetaken dening punika wau sadaya,sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran ageng.

13. Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran?Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.

14. Abdi Paduka mugi Paduka ayomi, ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal;punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula!Kawula lajeng tetep tanpa cacadsaha resik saking ing panerak ingkang ageng.

15. Mugi-mugi Paduka karenan dhatengkedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawulalan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah,peparang kawula, saha panebus kawula.