Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 60 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 60

Pandonga nyuwun kaunggulan

60:1-14

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang,

2. nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu.

3. Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah;Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!

4. Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah;ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih,awit bumi sampun gonjing.

5. Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget,kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.

6. Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)

7. Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat,Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!

8. Gusti Allah sampun ngandika wonten ing dalem pasucenipun:“Ingsun karsa suka-suka parisuka, tanah Sikhem bakal Sunbagi,sarta lebak Sukot bakal Sunukur.

9. Gilead iku kagunganingSun, Manasye iku kagunganingSun,Efraim iku tetoponging mustakaningSun,Yahuda iku jungkating kepraboningSun;

10. Moab iku papan pawijikaningSun,Edom Sunbalang kalawan trumpahingSun,marga saka Filisti Ingsun asurak-surak.”

11. Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa?Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

12. Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula,sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?

13. Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah,amargi pitulunganing manungsa punika muspra.

14. Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran,awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.