Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 55 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 55

Pandonga nyuwun pitulungan marga ana mungsuh

55:1-24

1. Kanggo lurah pasindhen.Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud.

2. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula!

3. Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan,kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah.

4. Margi saking pambengoking mengsah,lan panganiayanipun tiyang duraka;amargi sami ndhatengaken bilai,sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula.

5. Manah kawula ngolang-ngaling,tuwin pagirising pejah ngebruki kawula.

6. Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter,kawula kalimputan ing pagiris.

7. Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara,banjur mabur golek papan kang tentrem,

8. malah nuli lumayu nganti adoh,lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)

9. Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen,ngoncati angin gedhe lan prahara.”

10. Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun,amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha!

11. Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun,sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran;

12. saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun,panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.

13. Saupami mengsah kawula ingkang ngawon-awon kawula,kawula taksih saged sabar.Saupami ingkang sengit dhateng kawula ingkang ngegungaken dhiri wonten ing ngajeng kawula,kawula taksih saged singidan.

14. Nanging kowe iku wong kang cedhak karo aku,kancaku lan wong kang dakpracaya.

15. Aku padha sesrawungan kalawan becik,lan padha bebarengan munggah menyang ing padalemaning Allah ing satengahing karamean.

16. Wong iku muga padha kacandhaka ing pati,padha mudhuna menyang ing jagading wong mati urip-uripan!Amarga omahe malah batine kadunungan piala.

17. Nanging aku nyebut marang Gusti Allah,sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.

18. Ing wayah sore, esuk lan awan aku sesambat lan nangis;Pangeran banjur miyarsakake swaraku.

19. Gusti Allah ngluwari aku kanthi tentremsaka pangrangsanging mungsuhku, awit padha gumrudug nglawan marang aku.

20. Gusti Allah kang lenggah ana ing dhampare wiwit kuna mula,bakal mireng sarta ngesorake wong-wong iku. (Selah)Amarga padha ajeg bae,sarta padha ora wedi marang Gusti Allah.

21. Wong iku ngagakake tangane marang para wong kang urip bebarengan karo dheweke kalawan rukun,amarga nerak prajanjiane.

22. Lunyuning cangkeme ngungkuli mertega,nanging karepe arep nempuh perang;alusing tembunge ngluwihi lenga,nanging sakabehing mau pedhang ligan.

23. Sumelangmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,temah kowe mesthi direksa!Pangeran ora marengake,yen wong mursid gloyoran ing salawase.

24. Nanging Paduka, dhuh Allah, badhe nyemplungaken tiyang-tiyang punikadhateng ing sumur ingkang lebet;tiyang ingkang ngwutahaken rah tuwin lampah cidra,umuripun boten badhe dumugi sapalihnanging kawula kumandel dhumateng Paduka.