1. Kidung jiyarah.Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebetkawula sesambat dhumateng Paduka.
2. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula,Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.
3. Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang,dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?
4. Nanging Paduka kagungan pangapunten,supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.
5. Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep,lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.
6. Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeranngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk,iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk.
7. Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel!awit Sang Yehuwah kagungan sih-kadarman,sarta kerep banget paring pangluwaran.
8. Panjenengane kang bakal ngluwari Israelsaka sakehing kaluputane.