Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 118 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 118

Kidung pepujian

118:1-29

1. Padha saosa pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!ujer sih-kadarmane iku langgeng ing salawas-lawase.

2. Israel ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

3. Turune Imam Harun ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

4. Para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah padha ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”

5. Sajroning karubedan aku nyebut marang Pangeran Yehuwah.Pangeran Yehuwah tumuli nyembadani panyuwunku,aku kaparingan lega;

6. Pangeran Yehuwah nunggil karo aku,aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

7. Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku,aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku.

8. Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake manungsa;

9. becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake para panggedhe.

10. Aku dikepung sakehe bangsademi asmaning Sang Yehuwah, kabeh padha dakgecak.

11. Aku dikepung, kemput anggone ngepung,demi asmaning Sang Yehuwah, dakgecak.

12. Padha ngepung aku kaya tawon,padha mulad-mulad kaya geni eren,demi asmaning Sang Yehuwah,padha dakgecak temah mundur.

13. Aku dijorogake sarosane nganti tiba,nanging Sang Yehuwah mitulungi aku.

14. Pangeran Yehuwah iku dadi karosanku lan masmurku,,Panjenengane wus dadi karaharjanku.

15. Ing kemahe para wong mursidana swara surak-surak lan kaunggulan:“Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran,

16. Astane tengen Sang Yehuwah bisa njunjung;Astane tengen Sang Yehuwah nindakake kaprawiran!”

17. Aku bakal ora mati, nanging uriplan aku bakal nyritakake pakaryaning Sang Yehuwah.

18. Sang Yehuwah banget anggone ngrangket marang aku,nanging aku ora diulungake marang pati.

19. Aku wenganana gapuraning kabeneran,aku arep lumebu, arep ngunjukake panuwun marang Sang Yehuwah.

20. Iki gapuraning Sang Yehuwahkang bakal dileboni dening para wong mursid.

21. Kawula ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawulasarta Paduka sampun dados karahayon kawula.

22. Watu kang tinampik dening para juru yasa omahiku wus dadi uger-ugering padon;

23. kadadeyan iku saka ing Pangeran Yehuwah,sarta elok ing pandeleng kita.

24. Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah,ayo padha bungah-bungah lan sukarena.

25. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring karaharjan.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring kabegjan.

26. Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran Yehuwah.Aku padha mberkahi kowe kabeh saka ing padalemaning Sang Yehuwah.

27. Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah,Panjenengane paring pepadhang marang kita,kurbane riyaya cancangen kalawan tali ing sungu-sungune misbyah.

28. Paduka punika Allah kawula,Paduka badhe kawula caosi pamuji sokur,dhuh Allah kawula, Paduka badhe kawula luhuraken.

29. Padha saosa pamuji sokur marang Sang Yehuwah,awit Panjenengane iku sae!Ujer sih-susetyane iku kanggo ing salawase.