Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 31 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 31

Tentrem ana ing astaning Yehuwah

31:1-25

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka,kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan.Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka,

3. Paduka mugi nilingna dhateng kawula,karsaa enggal paring wangsulan!Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula,beteng santosa ingkang mitulungi kawula!

4. Awit Paduka punika redi sela tuwin beteng kawula,kawula badhe Paduka irid saha Paduka tuntun margi saking asma Paduka.

5. Paduka badhe ngluwari kawula saking kala,ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula,amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.

6. Nyawa kawula, kawula pasrahaken wonten ing asta Paduka;dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.

7. Paduka sengit dhateng tiyang ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.

8. Kawula badhe asurak-surak sukarena margi sih-kadarman Paduka,awit Paduka mirsani kasrakatan kawula saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,

9. saha kawula boten Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.

10. Dhuh Yehuwah, mugi kawula Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.

11. Amargi gesang kawula katedha ing kasisahansaha tauning umur kawula sami telas dening pangesah;kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,sarta balung kawula sami gopok.

12. Kawula dados cecampahaning mengsah kawula,lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula,punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula;tiyang ingkang sami sumerep kawula wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.

13. Kawula sampun ical saking pengetan kadosdene tiyang pejah,kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.

14. Amargi kawula mireng tiyang kathah sami bisik-bisik,-- kawula kinepang ing pagiris --sami sekuthon badhe nglawan dhateng kawula,ngangkah dhateng nyawa kawula.

15. Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah,kawula matur: “Paduka punika Allah kawula!”

16. Gesang kawula punika wonten ing asta Paduka,Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking tanganipun para satru kawula saha tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula!

17. Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka,kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!

18. Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakakening salebetipun nandhang kawirangan,amargi kawula nyebut dhumateng Paduka;tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawiranganmandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.

19. Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu,ingkang nyendhu dhateng tiyang buruskalayan kumethak lan nyenyampahi!

20. Iba lubering kautamen Padukaingkang kacawisaken dhateng tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng tiyang ingkang sami ngayom dhateng ing Paduka,wonten ing ngajengipun manungsa!

21. Punika sami Paduka singidaken wonten ing pangayomaning wadana Paduka,margi saking wontenipun sekuthoning tiyang;sami Paduka ayomi wonten ing pamondhokansupados lepat saking padudonipun ilat kathah.

22. Pinujia Sang Yehuwah, awitdene sih-kadarmanedikatingalake marang aku kanthi patrap kang nggumunakenalika aku ketaman ing karupekan!

23. Amargi saking bingung kawula, kawula nginten:“Kawula sampun kabucal saking paningal Paduka.”Ewasamanten nalika kawula sesambat dhumateng Paduka,Paduka lajeng nyembadani dhateng pasambat kawula.

24. He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah!Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya,nanging kang gumunggungdiwales temenan.

25. Sakehing wong kang ngarep-arep marang Sang Yehuwah,padha disantosa lan diteteg atimu!