Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 9 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 9

Gusti Allah iku pangayomaning wong saleh

9:1--10:18

1. Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

2. Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah,kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.

3. Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka,Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti,Sang Mahaluhur,

4. awit mengsah kawula sami mundur,rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.

5. Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,temah kawula angsal kaleresan,Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.

6. Para bangsa sami Paduka ancam,para tiyang duraka Paduka tumpes;namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.

7. Mengsah sampun sami tumpes tapis,dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,kithanipun sampun sami Paduka gempuri,sampun boten dipun engeti malih babar pisan.

8. Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.

9. Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil,sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.

10. Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,dadi pangauban ing wektu karubedan.

11. Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka,amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.

12. Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion.Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.

13. Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes,ora kesupen marang pasambate.

14. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi,mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula;Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,

15. supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika,sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak,awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.

16. Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe,sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.

17. Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan;wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)

18. Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan,malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.

19. Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse,wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.

20. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan,para bangsa sami kadhawahana pangadilan wonten ing ngarsa Paduka.

21. Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka damel geter,satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. (Selah)