Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66
  67. 67
  68. 68
  69. 69
  70. 70
  71. 71
  72. 72
  73. 73
  74. 74
  75. 75
  76. 76
  77. 77
  78. 78
  79. 79
  80. 80
  81. 81
  82. 82
  83. 83
  84. 84
  85. 85
  86. 86
  87. 87
  88. 88
  89. 89
  90. 90
  91. 91
  92. 92
  93. 93
  94. 94
  95. 95
  96. 96
  97. 97
  98. 98
  99. 99
  100. 100
  101. 101
  102. 102
  103. 103
  104. 104
  105. 105
  106. 106
  107. 107
  108. 108
  109. 109
  110. 110
  111. 111
  112. 112
  113. 113
  114. 114
  115. 115
  116. 116
  117. 117
  118. 118
  119. 119
  120. 120
  121. 121
  122. 122
  123. 123
  124. 124
  125. 125
  126. 126
  127. 127
  128. 128
  129. 129
  130. 130
  131. 131
  132. 132
  133. 133
  134. 134
  135. 135
  136. 136
  137. 137
  138. 138
  139. 139
  140. 140
  141. 141
  142. 142
  143. 143
  144. 144
  145. 145
  146. 146
  147. 147
  148. 148
  149. 149
  150. 150

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 33 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 33

Kidung pangalembana marang Allahe Israel

33:1-22

1. He para wong mursid, padha asurak-suraka ana ing Sang Yehuwah!Awit wus samesthine, manawa wong tulus atine padha memuji.

2. Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah kalawan clempung,kidungna masmur kalawan slukat akawat sepuluh.

3. Kidungna kekidungan anyar;diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!

4. Sebab pangandikane Sang Yehuwah iku nyata,samubarang kabeh katindakake kalawan setya tuhu.

5. Panjenengane karenan marang kang bener lan adil;bumi kebak ing sih-kamurahaning Yehuwah.

6. Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah,sakehing balane dening napasing lesane.

7. Banyuning segara dikumpulake kaya bebendungan,samodra gedhe dilebokake ing wadhah.

8. Salumahing bumi cikben padha wedi marang Sang Yehuwah,wong saisining jagad cikben padha gumeter ana ing ngarsane!

9. Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi;Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.

10. Sang Yehuwah nggagalake rancangane para bangsa;murungake rancangane para suku bangsa;

11. nanging karsane Sang Yehuwah iku tetep ing salawase,tuwin ciptaning galih iku turun-tumurun.

12. Rahayu bangsa kang nganggep Sang Yehuwah dadi Allahe,sarta suku bangsa kang kapilih iku dadi kagungane!

13. Pangeran Yehuwah maspaosake saka ing swarga,lan mirsani sakehing anake manungsa;

14. saka ing padalemane nguninganisakehing isine bumi.

15. Kabeh padha diwangun atine,sarta digatosake apa sapanggawene.

16. Kaslametaning raja iku ora jalaran saka gedhening pangwasane;pahlawan iku ora bakal kapitulungan marga saka gedhening kakuwatane.

17. Jaran iku tangeh yen marakake unggul,lan karosane kang ngedab-edabi ora njalari bisa oncat.

18. Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane,sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,

19. supaya nyawane kauwalake saka ing pati,sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.

20. Nyawa kita nganti-anti marang Sang Yehuwah.Panjenengane iku pitulungan lan tetameng kita.

21. Sanyata ati kita bungah marga saka Panjenengane,awit kita pracaya marang asmane kang suci.

22. Dhuh Yehuwah, sih-kadarman Paduka lumuntura dhateng kawula sadaya,kadosdene pangantos-antos kawula sadaya dhumateng Paduka.