1. Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,-- dikaya mangkono pangucape Israel, --
2. yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,
3. kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan,nalika mulad-mulading nepsune marang kita;
4. kita banjur kentir ing banyu,aku wus padha kleleb ana ing kali;
5. ilining banyu kang luberkang molak-malik iku wus nasabi kita.
6. Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kitadadi mangsane untune wong-wong mau!
7. Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk,kang oncat saka jirete wong mikat,rantas jirete,kita nuli oncat.
8. Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah,kang nitahake langit lan bumi.