Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 64 Kitab Sutji (JAV)

1. Mugi Paduka karsaa nyuwek langitlan karsaa tumedhak,satemah redi-redi sami gonjing wonten ing ngarsa Paduka

2. -- kadosdene latu ingkang mbesmi kajeng rencekantuwin kadosdene latu ingkang ngumobaken toya --supados asma Paduka kasumerepana dening para mengsah Paduka,satemah bangsa-bangsa sami gumeter wonten ing ngarsa Paduka,

3. amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng,ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang!

4. Boten wonten kuping ingkang mireng,saha boten wonten mripat ingkang sumerepAllah ingkang nindakaken punapa-punapa kangge tiyang ingkang ngantos-antos dhateng piyambakipunnamung Paduka ingkang tumindak makaten.

5. Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leressaha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken!Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa;wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka.

6. Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najissaha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged;kawula sadaya sami dados alum kados rontuwin sami sirna margi saking piawon kawulakados ron ingkang kasirnakaken ing angin.

7. Boten wonten ingkang nyebut asma Padukautawi ingkang lajeng gumregah nggondheli Paduka;amargi Paduka ngaling-alingi wadana Paduka dhateng kawula sadaya,saha ngulungaken kawula dhateng pangwaosing dosa kawula.

8. Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya!Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula,sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.

9. Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos sanget-sanget anggen Paduka dukasaha mugi sampun ngantos kalajengaken anggen Paduka ngenget-enget dhumateng dosa!Mugi Paduka karsaa nguningani,bilih kawula sadaya punika umat Paduka.

10. Kitha-kitha Paduka ingkang suci sampun sami dados ara-ara samun,Sion sampun dados pasamunan,Yerusalem sepi mamring.

11. Papan pepundhen kawula ingkang suci saha agung,ingkang kangge memuji dhumateng Paduka dening leluhur kawula sadaya,sampun dados memangsaning latu,gadhahan kawula ingkang endah piyambak sampun dados gempuran.

12. Manawi nguningani punika sadaya, dhuh Yehuwah,punapa inggih Paduka badhe ngampet sarira,punapa Paduka namung badhe kendel kemawonsaha damel sangsara kawula sadaya ingkang langkung dening sanget?