Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 47 Kitab Sutji (JAV)

Rusake nagara Babil

47:1-15

1. Tumuruna lan lungguha ing lebu,he kenya, putri ing Babil!Lungguha ing lemah tanpa dhampar,he putri Kasdim!Amarga sira ora bakal kaaranan manehmanis lan kenes.

2. Sira njupuka watu gulingan lan nggilinga glepung,bukaken kudhungira;silakna sarungira, liganen pupunira,nyabranga ing kali!

3. Kareben wewadinira katon ngeblaklan cikben kanisthanira katon!Ingsun bakal ndhawahake piwaleslan ora bakal ngeman wong siji-sijia,

4. mangkono pangandikane Juru Panebus kita, Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah asmane,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

5. Lungguha kalawan meneng lan lumebua ing pepeteng,he putri Kasdim!Sabab sira ora bakal dikandhakake manehdadi ratu ing sadhuwure para karajan.

6. Ingsun maune duka marang umatingSun,najisake pusaka kagunganingSun,sarta Sunpasrahake ing tanganira;sira ora welas marang wong-wong iku,malah banget-banget anggonira ngetrapi pasangan kang abotmarang wong kang wus tuwa.

7. Maune sira ngucap: “Tetep ing salawas-lawaseanggonku jumeneng dadi ratu!”Nanging sira ora elingtuwin ora mikir marang wekasane iku kabeh.

8. Mulane iki sira rungokna, he wong kang urip seneng-seneng,kang mung lelinggihan kalawan ayem,kang mosik sajroning atimu mangkene:“Ora ana liyane ing sandhingku!Aku ora bakal dadi randha,lan ora bakal cures turunku!”

9. Rong prakara iki bakal nekani sira,ing sakedhap netra, ing sajroning sadina uga.Sira bakal dadi randha lan turunirabakal sirna babar pisaniku bakal tumempuh marang sira,sanadyan ekeh sikiriratuwin mandi banget mantranira.

10. Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira;sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku!”Kawicaksananira lan kawruhiraiku kang nasarake sira,satemah sira mosik ing sajroning atinira:“Kajaba aku ora ana liyane!”

11. Nanging sira bakal tinempuh ing bilai,sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku;sira bakal nandhang sangsara,sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban;sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan,kang ora sira kira babar pisan.

12. Sira dipanggah bae kalawan ngantepi sakehing mantraniralan sikirira kang akeh iku,kang sira endelake wiwit cilikira;mbokmanawa sira saguh nekakake pambiyantu,mbokmanawa sira bisa nuwuhake pagiris.

13. Sira wus sayah marga saka kehe pituduh!Cikben padha maju lan ngluwari sirawong-wong kang padha naliti sakehing pojoke langit,kang padha niti-priksa lintang-lintangsarta kang saben tanggal enomaweh pawarta bab apa kang bakal kelakon tumrap sira!

14. Sanyata, wong-wong iku kaya damikang kaobong ing geni;padha ora bisa ngluwari nyawanesaka ign pangwasaning geni;geni iku dudu mawa geni kanggo manasake awak,dudu geni kanggo api-api!

15. Iya iku paedahe tumrap sira para tukang japa-matra iku,kang wus sira pindeng wiwit cilikira;padha sempoyongan menyang ing sakehing keblat,ora ana kang bisa ngluwari sira.