Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 26 Kitab Sutji (JAV)

Kidung pangalembana marga saka pangluwaran lan pangdilan kang kaparingake dening Gusti Allah

26:1-21

1. Ing wektu iku kekidungan iki bakal karepekake ana ing tanah Yehuda:“Kita kadunungan kutha kang santosa,kanggo nylametake kitaPangeran Yehuwah wus masang tembok lan beteng.

2. Gapurane padha wengakna,supaya lumebua bangsa kang bener lan kang tetep setya!

3. Ingkang manahipun santosaPaduka paringi tentrem rahayu,amargi pitados dhumateng Paduka.

4. Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase,awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.

5. Amarga Panjenengane kang wus ngesorakekang padha manggon ing papan kang dhuwur;kutha-beteng wus kaendhekake,diendhekake nganti tekan ing lemahbanjur kaglimpangake ing lebu.

6. Wasana bakal kaidak-idaking sikile para wong sangsaralan tlapakaning sikile para wong kang ringkih.”

7. Marginipun tiyang leres punika lurus,amargi Paduka ingkang miwitinglencengaken marginipun.

8. Dhuh Yehuwah, kawula ugi sami ngantos-antostitimangsa anggen Paduka nindakaken pangadilan;kareman kawula sadaya punikanyebut asma Paduka saha ngenget-enget Paduka.

9. Kalayan gumolonging nyawa anggen kawula kangen dhumateng Paduka ing wanci dalu,ugi kalayan gumolonging manah anggen kawula ngupadosi Paduka ing wanci enjing;awit manawi Paduka rawuh ngadili bumi,ingkang manggen ing jagad sami badhe sinau kaleresan.

10. Saupami tiyang duraka kaparingan sih-palimirma,boten badhe sinau punapa ingkang leres;piyambakipun badhe nindakaken kaculikan wonten ing nagari ingkang migunakaken angger-angger,saha boten badhe ningali kamulyanipun Sang Yehuwah.

11. Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken,nanging sami boten sumerep.Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Padukatuwin kajengipun sami nandhang wirang!Kajengipun sami kamangsa ngantos telasdening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!

12. Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu,amargi samubarang ingkang kawula lampahi,sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya.

13. Dhuh Yehuwah, Allah kawula sadaya,bendara-bendara sanesipun nate ngwaosi kawula sadaya,nanging namung asma Paduka kemawon ingkang sami kawula suwuraken.

14. Tiyang-tiyang wau sampun sami pejah, boten sami badhe gesang malih,sampun sami dados arwah, boten badhe tangi malih;saestunipun sampun sami Paduka ukum saha Paduka sirnakaken,punapadene sadaya pangenget-enget dhateng tiyang-tiyang wau sampun Paduka icali.

15. Dhuh Yehuwah, bangsa punika sampun Paduka damel saya wewah-wewah,umating kamulyan Paduka sampunPaduka damel saya kathah;nagaranipun sampun Paduka wiyaraken sanget.

16. Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka;nalika bebendu Paduka tumempuhdhateng tiyang-tiyang wau,lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga.

17. Kadosdene tiyang estri ingkang ngandhegingkang sampun dumugi ing elekipun,lajeng ngolang-ngaling sakit, ngadhuh-adhuh margi nyakiti,inggih makaten punika kawontenan kawula sadaya ing suwaunipun wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah:

18. Kawula sami ngandheg,lajeng ngolang-aling sakit,nanging kados-kados kawula sami nglairaken angin,kawula sami boten saged ngawontenaken kawilujengan wonten ing bumi,saha ingkang manggen ing jagad boten lair.

19. Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih,mayitipun sami badhe tangi malih.He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah,tangia lan surak-suraka!Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang,lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.

20. He bangsaku, lumebua ing kamarmu,sawuse lumebu lawange kancingenndhelika sadhela tumeka sapungkure bebendu.

21. Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemanearep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane,sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono,ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.