Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 40 Kitab Sutji (JAV)

PERANGAN KAPINDHO

Pawarta bab pangluwaran

40:1-11

1. UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,

2. atine Yerusalem ayemnasarta nguwuh-uwuhayen pangawulane wus rampung,manawa kaluputane wus kaapura,awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwahtikel ping loro marga saka sakehing dosane.

3. Ana swara kang nguwuh-uwuh:“Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan,ngencengna dalan gedhe kagem Allah kitaana ing ara-ara samun!

4. Saben ledhokan kaurugana,tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna;tanah kang ana tengger-tenggere kadadekna tanah warata,sarta tanah kang mendhak mandhukul kadadekna papan lempar;

5. ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairaketuwin umat manungsa kabeh bakalpadha ndeleng iku bebarengan;Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”

6. Ana swara kang dhawuh: “Sira nguwuh-uwuha!”Aku munjuk: “Punapa ingkang kedah kawula ucapaken kalayan sora?”“Umat manungsa kabeh iku kayadene suketlan sakehing kaendahane kaya kembang ing ara-ara.

7. Suket dadi aking,kembang dadi alum,manawa Pangeran Yehuwah ndamoni iku kalawan napase.Bangsa iku sanyatane kaya suket.

8. Suket dadi aking,kembang dadi alum,nanging pangandikaning Allah kitatetep ing salawas-lawase.”

9. He Sion, kang nggawa kabar becik,munggaha ing gunung kang dhuwur!He Yerusalem, kang nggawa kabar becik,ulukna swaramu kang sora,iya ulukna swaramu, aja wedi!Wartakna marang kutha-kutha ing Yehuda:“Delengen, iku Gusti Allahmu!”

10. Delengen, iku Pangeran Allah.Anggone rawuh kalawan kakiyatan sarta ngasta pangwaos.Lah kabeh kang dadi pituwasing rekaose padha nunggal kalawan Panjenengane;kabeh kang wus dadi kagungane padha lumaku ana ing ngarsane.

11. Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane,sarta iku padha diklempakake kalawan astane;cempene padha dipangku,embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.

Gusti Allah iku ngungkuli sakehing allah

40:12-31

12. Sapa kang naker banyu sagara nganggo epek-epekesarta ngukur langit nganggo kilanane,naker lebuning bumi nganggo takeran,nimbang gunung-gunung nganggo timbangan,utawa tengger-tengger nganggo traju?

13. Sapa kang bisa mranata Rohing Pangeran Yehuwahutawa nyaosi pitedah marang Panjenengane kayadene juru pitutur?

14. Pangeran Yehuwah mundhut pitedah marang sapa supaya kagungan pangretosan,lan sapa kang nyaosi piwulang marang Sang Yehuwahing bab nindakake pangadilan,utawa sapa kang nyaosi piwulang bab kawruh marang Panjenenganelan nyaosi pitedah supaya Panjenengane tumindak kalawan pangretosan?

15. Para bangsa iku sanyatane kayadene banyu satetes kang ana ing timbatuwin kaanggep kayadene bledug saelas kang ana ing traju.Pulo-pulo iku sanyatane bobote mung kaya awu alus.

16. Libanon iku ora cukup manawa kanggo kayu danglan satokewane ora cukup manawa kanggo kurban obaran.

17. Sakehing bangsa iku kayadene ora ana ing ngarsanepadha kagalih kopong lan tanpa guna.

18. Dadine Gusti Allah iku arep kok padhakake sapa,lan apa kang kokanggep padha karo Panjenengane?

19. Apa reca? Iku kacithak dening tukang-wesi,lan kalapis emas dening kemasan,kang uga nggawekake rante-rantene salaka.

20. Wong kang ngedegake reca kayu,iku milih kayu kang ora gelis gapuk,golek tukang ahlikang ngedegake recasupaya ora bakal gelis hoyag.

21. Kowe apa padha ora sumurup? Kowe apa padha ora krungu?Apa wiwit ing sakawit ora diwartakake marang kowe kabeh?Apa kowe ora mangreti wiwit nalika bumi tinalesan?

22. Panjenengane kang lenggah ing dhampar ana ing sadhuwuring bunderan bumikang pendhudhuke kaya walang;iya Panjenengane iku kang mbeber langit kaya lawonlan masang iku kaya tarub kang dienggoni!

23. Iya Panjenengane iku kang ndadosake para panggedhe padha sirnasarta kang ndadosake para hakim ing donya tanpa guna!

24. Lagi bae padha ditandur,lagi bae padha disebar,lagi bae cangkokane padha metu oyode ana ing lemah,wus padha didamoni dening Panjenengane, satemah banjur padha garing,lan kabur dening prahara kaya damen.

25. Ingsun iki arep sira padhakake sapakang kaya-kaya dadi pepadhaningSun?Mangkono pangandikane Kang Mahasuci.

26. Mripatmu arahna marang ing langitlan delengen: sapa kang nitahakesakehing lintang ikutuwin ndhawuhi metu sakehing wadya-balanekalawan nimbali jenenge iku kabeh?Siji bae ora ana kang ora sowan,amarga Panjenengane iku Mahakwaos lan Maha-santosa.

27. Yagene kowe ngucap mangkono, he Yakub,sarta celathu mangkene, he Israel:“Uripku iki samar tumrap Sang Yehuwah,tuwin wewenangku ora digalih dening Allahku?”

28. Apa kowe ora sumurup,lan kowe apa ora krungu?Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang langgengkang nitahake bumi wiwit poncot tekan poncot;Panjenengane ora sayah lan ora lesu,kawicaksanane ora kena jinajagan.

29. Panjenengane paring kakuwatan marang kang sayahlan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya.

30. Para wong nom-noman padha dadi sayah lan lesulan para taruna padha kesandhung tiba,

31. nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar:padha mabur mumbul kaya manuk garudhakalawan kakuwataning swiwine;padha lumayu lan ora nganti lesu,padha lumaku nanging ora sayah.