Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 29 Kitab Sutji (JAV)

Yerusalem kakepung nanging banjur kaluwaran

29:1-8

1. Bilai Ariel, Ariel,kutha papan pakemahane Dawud!Tuan gumanti taun riyayacikben terus-terusan dianakake.

2. Ingsun bakal damel rupeking Ariel,satemah wong padha sesambat lan ngadhuh-adhuh,lan kutha iku bakal kaya prapen tumrap Ingsun.

3. Ingsun bakal kekemah ana ing sakehing keblat ngepung sira,lan damel panggung-panggung pajagan kanggo mepetake sira,apadene bakal ngedegake pager-pager kanggo ngepung sira.

4. Ing kono sira bakal ngesorake awakira lan sira banjur nywara saka sajroning bumi,tembung-tembungira keprungu lamat-lamat saka ing sajroning lebu;swaranira unine bakal kaya swaraning arwah saka ing sajroning lemah,tuwin tembung-tembungira bakal keprungu kayadene bisik-bisik saka ing sajroning lebu.

5. Nanging sakehe wadya-balane mungsuhira bakal sirna ilang kaya awu kang lembut,lan sakehe wong kang prakosa gumunggungbakal dadi kaya mrambut kang mawut kabur.Amarga dumadakan ing sakedhep netra,

6. sira bakal ndeleng rawuhe Sang Yehuwah Gustine sakehing tumitahkang sinartan ing gludhug, lindhu lan swara kang ngedab-edabi,sinartan ing lesus lan praharalan sinartan ing geni kang memangsa nganti gusis.

7. Sakehing wadya-balane para bangsakang perang nglawan Ariel,lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartinetuwin para wong kang ngrupekibakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi;

8. kayadene wong luwe kang ngimpi lagi mangan,bareng tangi wetenge isih kothong,utawa kayadene wong ngelak kang ngimpi lagi ngombe,bareng tangi nyatane isih sayah, gorokane isih ngelak,kaya mangkono bakal kadadeane sakehe wadya-balane para bangsakang perang nglawan gunung Sion.

Bangsa kang wuta

29:9-16

9. padha gumun kalawan kebak kaeraman,mripatmu cikben merem lan wuta!Padha mendema, nanging ora marga saka anggur,padha mumeta, nanging ora marga saka arak!

10. Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati;mripatmu -- yaiku para nabi -- wus kaeremakelan raimu -- yaiku para wong sidik -- wus dikrudhuki.

11. Tumrap kowe kabeh wangsit iku mau kabeh kayadene isining buku kang disegel, manawa iku kawenehake marang wong kang bisa maca kalawan dikandhani: “Iku wacanen,” wong mau bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca, awit buku iku kasegel,”

12. lan manawa buku iku kawenehake marang wong kang ora bisa maca kalawan dikandhani: “Iki wacanen,” wong iku bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca.”

13. Sarta Pangeran wus ngandika mangkene:“Ing sarehne bangsa iki sowan kalawan cangkemelan ngluhurake Ingsun kalawan lambene,mangka atine ngedohi Ingsun,tuwin anggone ngabekti marang Ingsuniku mung marga saka prentahing manungsa kang diapalake,

14. mulane lah Ingsun bakal nandukakebab-bab kang elok marang bangsa iki,kaelokan kang ngedab-edabi;kawicaksanane para wonge kang wicaksana bakal ilang,tuwin kapinterane para wonge kang pinter bakal ndhelik.”

15. Bilai wong kang ndhelikakerancangane kalawan primpen ana ing ngarsane Sang Yehuwah,kang panggawe-panggawene dilakoni ana ing pepetengkalawan ngucap: “Sapa kang sumurup kita lan sapa kang niteni kita?”

16. Kapriye ta dene kowe kok padha mbolak-mbalikake samubarang kabeh?Apa lempung iki kena dianggep padha karo kundhi,satemah kang digawe bisa pratela bab kang gawe:“Dudu wong iku kang gawe aku,”lan apa kang diwangun bisa ngandhakake bab kang mangun:“Wong iku ora ngreti apa-apa?”

Kaslametan sawise katindhes

29:17-24

17. Rak mung kurang sadhela,anggone Libanon bakal salin dadi kebon wowohan,lan kebn wowohan bakal kaanggep alas?

18. Ing wektu iku para wong budhegbakal padha krungu tetembungan-tetembungan saka ing sawijining kitab,lan marga saka wus luwar saka ing kalimengan tuwin pepetengmripate para wong wuta bakal ndeleng.

19. Para wong kang nandhang sangsara ana ing Pangeran Yehuwah bakal saya banget anggone asuka-suka,lan para wong miskin kang ana ing satengahe para manungsa bakal asurak-surak awit saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!

20. Sabab wong kang santosa-gumunggung bakal ora ana lan tukang memecok bakal sirna,sarta sakehe wong kang duwe kekarepan ala bakal kamusnakake,

21. yaiku para wong kang anggere bae ngarani wong liya nindakake kaluputan ana ing sawijining prakara,kang masangi kala jiret marang wong kang srengen ana ing gapura,sarta kang ngono-ngono wong bener awewaton kang ora-ora.

22. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para tedhake Rama Yakub,yaiku kang wus ngluwari Rama Abraham:“Wiwit saiki Yakub ora bakal kawirangan manehlan raine ora bakal pucet maneh.

23. Sabab nalika wong-wong mau, yaiku turune Yakub,padha ndeleng apa kang katindakake dening astaningSun ana ing satengahe,banjur bakal padha nucekake asmaningSun;bakal padha nucekake Kang Suci, Gusti Allahe Yakub,lan bakal padha gumeter ana ing ngarsane Gusti Allahe Israel;

24. para wong kang pikirane kesasar, bakal padha oleh pangreten,lan para wong kang grundelan bakal padha tampa piwulang.”