Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 52 Kitab Sutji (JAV)

Pangeran Yehuwah ngluwari Sion

52:1-12

1. Tangia, tangia!Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion!Anggonen sandhanganmu kang endah,he Yerusalem, kutha kang suci!Amarga ora ana wong kang ora tetak utawakang najis,kang bakal lumebu maneh ing jeromu.

2. Ketabna lebuning sikilmu, tangia,he Yerusalem kang katawan!Uculana tali-tali kang ana ing gulumu,he putri Sion kang katawan!

3. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha kaedol tanpa bayaran, mulane bakal katebus tanpa bayaran uga.

4. Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah: Biyen umatingSun mangkat menyang ing tanah Mesir lan dadi wong neneka manggon ana ing kono, wasana banjur dianiaya dening Asyur tanpa sabab.

5. Nanging saiki apa maneh urusaningSun ana ing kene?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. UmatingSun nuli katawan mangkono bae. Para kang ngwasani padha gedhe atine, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, tuwin asmaningSun sadina-dina tansah diala-ala.

6. Awit saka iku umatingSun bakal wanuh marang asmaningSun sarta ing nalika iku tumuli bakal padha ngreti, manawa Ingsun iki Panjenengane kang ngandika, iya Ingsun!

7. Iba anggone ngresepake katonesaka ing pucake tengger-tenggertekane kang nggawa pawarta,kang martakake kabar katentremankang ngundhangake pawarta kang becik,kang nggawa kabar karahayonlan kang celathu marang Sion:“Allahmu iku ratu!”

8. Rungokna swarane wong kang padha ngawat-awati kowe:padha surak-surak bebarengan.Amarga padha nyumurupi dhewemanawa Sang Yehuwah kondur menyang ing Sion.

9. Padha giyak-giyaka, padha surak-surak bebarengan,he gapuraning Yerusalem!Awit Pangeran Yehuwah wus nglipur umate,wus nebus Yerusalem.

10. Pangeran Yehuwah wus ngatingalake astane kang suciana ing ngarepe mripate sakehing bangsa;poncot-poncoting bumi kabeh banjur sumurup karahayonkang pinangkane saka ing Allah kita.

11. Ngedoha, ngedoha!Metua saka ing kono!Kowe aja nganti kagepok kang najis!Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia,he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah!

12. Lah angognmu padha metu bakal ora kalawan kesusutuwin ora bakal kaya keplayu,amarga Pangeran Yehuwah bakal lumampah ana ing ngarepmu,sarta Gusti Allahe Israel bakal dadi panutuping barisanmu.

Abdining Yehuwah kang nandhang sangsara

52:13--53:12

13. Lah AbdiningSun bakal oleh gawe,bakal kaluhurake, kaalembana lan kamulyakake.

14. Kayadene anggone wong akeh bakal padha dheleg-dhelegnyumurupi Panjenengane --amarga saka bangeting rusake pasemone,nganti ora kaya manungsa maneh,lan katon ora kaya anaking manungsa maneh,--

15. mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh,para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane;amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan,tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi.