Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 58 Kitab Sutji (JAV)

Kamursidan kang sanyata lan kang ora

58:1-12

1. Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara!Ngulukna swaranira kayadene kalasangka,wartakna marang umatingSun panerakelan marang para turune Yakub dosane!

2. Pancen saben dina padha ngupaya Ingsunlan seneng sumurup sakehing marginingSun.Kayadene bangsa kang nglakoni kang benertuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahepadha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener,padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah,sarta munjuk pitakon:

3. “Punapa sababipun dene kawula sami siyamPaduka kok ugi boten nggatosaken?Punapa sababipun dene kawula sami ngesoraken badanPaduka kok boten karsa nguningani?”Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira,tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira.

4. Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegansarta kalawan ngantemi tanpa reringa.Manawa anggonira pasa kaya saiki ikiswaranira bakal ora kapirengake saka ing ngaluhur.

5. Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake,tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan,manawa sira ndhingkluk kaya glagahlan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu?Apa iku kang sira arani pasa,nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?

6. Dudu! Pasa kang Sunkarsakake iku,yaiku manawa sira nguculi blengguning ambek siya,lan ngudhari tali-talining pasangan,manawa sira ngluwari wong kang kinaniayatuwin mutungi sakehing pasangan,

7. manawa sira nyuwil-nyuwil rotinira kanggo wong keluwensarta ngajak menyang ing omahira wong kang tuna wisma,lan manawa sira sumurup wong kang kawudan, banjur sira wenehi panganggontuwin ora nyingkiri sadulurira dhewe!

8. Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetantuwin tatunira bakal enggal waras;kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepiralan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.

9. Ing kono manawa sira munjuk,Pangeran Yehuwah bakal paring wangsulansamangsa sira sesambat nyuwun tulung,Panjenengane bakal ngandika:Lah iki Ingsun ana ing kene!Manawa sira ora ngetrapake pasangan maneh marang pepadhanirasarta ora nuding-nuding marang wong kalawan driji lan mitenah,

10. manawa sira menehi wong keluwen apa kang sira dhewe areplan gawe lejaring atine wong kang katindhes,pepadhangira bakal sumorot ana ing pepetengsarta pepetengira bakal kaya wayah tengange.

11. Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun siralan bakal damel mareming atiniraana ing tanah kang garingsarta bakal nganyarake kakuwatanira;sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan beciktuwin kaya sumberkang ora tau gawe gela.

12. Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun,lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan.Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”,“kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.

Ngajeni dina Sabat

58:13-14

13. Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabatlan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci;manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”,lan dinaning Pangeran Yehuwahkang suci “dina kang mulya”;manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanirasarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,

14. sira bakal seneng-seneng marga saka Pangeran Yehuwah,tuwin Ingsun bakal damel sira bisa ngliwati pucak-pucaking tengger-tengger ing bumikalawan tetungganganing kaunggulan;sira bakal Sunparingi pangan saka warisane leluhurira Yakub,sabab mangkono pangandikane lesaning Yehuwah.