Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 8 Kitab Sutji (JAV)

Putraning nabi dadi pratandha

8:1-4

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira njupuka watu panulisan gedhe, nuli ing dhuwur sira tulisana nganggo tulisan lumrah: Maher-Syalal Khasy-Bas.”

2. Aku banjur nyeluk seksi loro kang kena dipracaya, yaiku Imam Uri lan Zakharia bin Yeberekhya.

3. Sawuse mangkono aku tumuli nyedhaki bojoku; dheweke banjur ngandheg lan nglairake anak lanang. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Iki jenengna: Maher-Syalal Khasy-Bas,

4. awit sadurunge bocah iku bisa nyeluk: Bapak! Ibu! kasugihane Damsyik lan jarahane Samaria bakal diusungi marang ing ngarepe raja Asyur.”

Asyur nempuh Yehuda

8:5-10

5. Pangeran Yehuwah nglajengake pangandikane maneh marang aku mangkene:

6. “Ing sarehne bangsa iki wus nampik banyu Syiloah kang alon iline,lan wedi banget marang Rezin lan anake Remalya,

7. mulane lah Pangeran ndadekake banyune bengawan Efratkang santer lan gedhe,mbanjiri wong-wong mau,yaiku ratu ing Asyur lan sakehe kamulyane;banyu iki bakal luber ing saurute ilen-ilene kabehtuwin bakal mili ngluberi pinggire,

8. sarta nrobos lumebu ing Yehuda,dadi kaya banjir kang gedhe nganti sagulu;apadene pambebere swiwinebakal ngacaki tanahira kabeh, dhuh Imanuel!”

9. Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa,padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh,padha sabukana, lan padha girisa!padha sakana lan padha girisa!

10. Padha gawea rancangan, nanging iku uga bakal gagal;gawea putusan, nanging uga bakal ora tumindak,awit Gusti Allah nunggil karo aku kabeh.

Nabi Yesaya kepeksa singidan

8:11-22

11. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku, nalika aku dicepeng kalawan astane kang rosa, supaya aja nulad tingkah-polahe bangsa iki:

12. “Sira aja ngarani sekuthon marang samubarang kabeh kang diarani sekuthon dening bangsa iki, lan apa kang diwedeni, aja padha sira wedeni sarta aja padha gumeter ndeleng iku.

13. Nanging Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci; iya Panjenengane iku kang kudu sira wedeni lan ana ing ngarsane iku sira gumetera.

14. Panjenengane bakal dadi papan suci, nanging uga dadi watu patanggoran lan watu sandhungan tumrap kraton Israel sakarone, sarta dadi jiret lan kala tumrap wong ing Yerusalem.

15. Apadene panunggalane akeh kang bakal padha kesandhung, tiba lan tatu abot, kacekel lan katawan.”

16. Aku kadhawuhan nyimpen paseksen iki tuwin ngecapi piwulang iki ana ing satengahe murid-muridku.

17. Lan aku arep nganti-anti marang Sang Yehuwah kang ngaling-alingi wedanane marang gelengan turune Rama Yakub; aku arep ngarep-arep marang Panjenegane.

18. Lah aku lan anak-anak kang wus kaparingake dening Sang Yehuwah marang aku iku padha dadi pratandha lan ngalamat ana ing satengahe wong Israel kang saka Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah kang akedhaton ana ing gunung Sion.

19. Lan manawa ana wong kang celathu marang sira: “Njaluka pituduh marang arwah lan roh-rohe para juru meca kang bisik-bisik lan klomat-klamet,” iku wangsulana: “Sawijining bangsa iku pantese apa ora kudu njaluk pituduh marang allahe? Utawa kudu jaluk pituduh marang para wong mati kanggo wong urip?”

20. “Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.

21. Iku bakal padha nglembara ana ing nagara kono, mlarat lan keluwen, tuwin manawa padha keluwen, banjur padha nepsu lan bakal padha ngipat-ipati rajane lan allahe; bakal padha tumenga ing langit,

22. sarta bakal ndeleng marang ing bumi, lah kang ana mung karupekan lan pepeteng, pamilaraning kaanan surem, lan bakal padha kabuwang marang ing pepeteng kang ndhedhet.

Miyose Ratuning katentreman

8:23--9:6

23. Nanging nagara kang rinupek iku ora bakal katempuh ing kaanan surem ing salawase. Manawa biyen Sang Yehuwah ngesorake tanah Zebulon lan tanah Naftali, besuk Panjenengane bakal mulyakake dalan menyang ing sagara, wilayah ing sabrangane bengawan Yarden, wewengkoning bangsa-bangsa liya.