Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 46 Kitab Sutji (JAV)

Para Dewa ing Babil iku tanpa daya

46:1-13

1. Dewa Bel wus katelukake, dewa Nebo wus kaesorake,reca-recane wus padha kamomotake ing kewan;kamomotake ing raja-kayakang maune padha sira arak, saiki wus padha kaemotakedadi momotaning kewan kang sayah,

2. kang ora bisa nylametake momotane iku.Dewa-dewa iku kaesorake lan katelukake bebarenganlan banjur padha dadi tawanan dhewe.

3. “Padha rungokna Ingsun, he para turune Yakub,he sakehe turune Israel kang isih kari,he para wong kang Sungendhong wiwit ing wetengan,he para wong kang Sunbopong wiwit ana ing sajroning guwa-garba.

4. Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenenganelan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh.Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh;Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.

5. Sira bakal padha madhakake lan nandhing Ingsun karo sapalan sira njejerake sapa, temah banjur padha?

6. Wong ngetokake emas saka ing kanthongelan mbobot salaka kalawan timbangan,banjur ngopahi wong dikon nggawekake allah nganggo bakal mau,nuli disembah-sembah lan uga disujudi!

7. Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak,dipikul lan diprenahake ing panggonane;allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane.Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsulilan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane.

8. Iku padha elingana lan padha rumangsaa wirang,padha timbang-timbangen ing sajroning ati,he para wong kang padha mbalela!

9. Sira padha ngelingana lelakon-lelakon biyen kang kadadean dhek jaman kuna,manawa iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane,Ingsun iki Allah lan ora ana kang kaya Ingsun,

10. kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembe bakal kelakonlan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon,kang ngandika: PutusaningSun bakal tumindak,tuwin sakehe karsaningSun bakal kelakon,

11. kang nimbali manuk galak saka ing wetan,lan wong kang nindakake putusaningSun kang asale saka nagara kang adoh.Ingsun wus ngandika mangkono lan iku bakal Suntindakake,Ingsun wus ngrancang mangkono lan iku bakal Sunwujudake.

12. Padha ngrungokna Ingsun, he para wong gumunggung,para wong kang adoh saka ing kabeneran:

13. Kaslametan kang saka Ingsun wus cedhak, amarga Ingsun kang nyelakake tuwin pangluwaran kang Sunparingakeora bakal karandhatake maneh;Ingsun bakal paring pangentasan ana ing Sionsarta kamulyaningSun marang Israel.”