Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 42 Kitab Sutji (JAV)

Abdine Pangeran Yehuwah

42:1-9

1. Delengen iku abdiningSun kang Sunasta,pilihaningSun kang ndadekake renaningSun.Kang wus Sunparingi RohingSun,supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.

2. Iku ora bakal alok-alok utawa nyerokake swaranelan ora bakal ngumbar swara ana ing dedalan.

3. Rayung kang pepes tumelung ora bakal kakethok,tuwin uceng-uceng kang melik-melik ora bakal dipateni,nanging iku bakal ngundhangake kabeneran kalawan setya.

4. Awake dhewe ora bakal lesah lan ora bakal pepes tumungkul,nganti wus rampung anggone njejegake kabeneran ana ing bumi;sakehing pulo-pulo ngarep-arep marang piwulange.

5. mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah,kang nitahake lan njereng langit,kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono,kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing konosarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono:

6. “Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan,wus ngasta tanganira;Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake siradadi prajanjian tumrap umat manungsa,dadi pepadhang tumrap para bangsa,

7. supaya ngelekke mripat kang wuta,ngwetokake wong ukuman saka ing tahanansarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.

8. Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun;Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyaneutawa kasuwuringSun marang reca.

9. Pameca-pameca biyen saiki wus padha kelakon,bab-bab kang anyar bakal Sunsumurupake.Sadurunge bab-bab iku kelakon,Sunsumurupake marang sira.”

Kekidungan bab kaslametan

42:10-17

10. padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwahlan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi!Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh,tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.

11. Ara-ara samun kareben nywara serudalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar!Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak,kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung!

12. Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah,tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo.

13. Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug,kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang;Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh,marang para mungsuhe,Panjenengane nedahake kaprawirane.

14. Ingsun kendel wiwit ing biyen mula,Ingsun kendel lan ngampet,saiki Ingsun njerit kaya wong wadon kang nglarani,Ingsun menggah-menggah lan menggeh-menggeh.

15. Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger,sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane;Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garingtuwin damel asat-nggerenging telaga-telaga.

16. Ingsun bakal nuntun para wong wutaana ing dalan kang durung tau padha diambah,tuwin iku padha Sunlakokakeing dalan-dalan kang durung disumurupi.Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang,sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata.Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau,lan kang mesthi bakal Suntindakake.

17. Wong kang padha kumandel marang reca tatahanbakal padha mundur lan kawirangan,yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan:“Paduka punika allah kawula!”

Bab gagal lan wutane Israel

42:18-25

18. Padha rungokna, he para wong budhegpadha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta!

19. Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun,tuwin kang budheg kaya utusaningSun?Sapa kang wuta kaya utusaningSunlan kang budheg kaya abdining Yehuwah?

20. Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake,sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu.

21. Pangeran Yehuwah demi karsane nylametakekepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;

22. nanging iku bangsa kang dijarah lan dirampog,kabeh padha katangkep ana ing guwa-guwalan didhelikake ana ing omah-omah pakunjaran;wus padha dadi jarahan lan ora ana kang ngluwari,dadi rampasan lan ora ana kang celathu: “Balekna!”

23. Sapa panunggalanmu kang gelem nilingake kupinge marang prakara iki,kang gelem nggatekake lan ngrungokake kanggo ing sateruse?

24. Sapa kang ngulungake Yakub supaya karampas,lan Israel marang kang padha ngrayah?Apa iku dudu Pangeran Yehuwah?Amarga kita wus dosa marang Panjenengane,lan lumuh lumaku ing dalan pitedahe,tuwin ora gelem ngrungokake marang piwulange.

25. Mulane Panjenengane banjur ndawahi bentering bebendunelan peperangan kang ngedab-edabikan nggesengake saka ing sakubenge, ewasamono iku ora dimangreteni,tuwin kang ngobong dheweke, nanging iku ora digatekake.