Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 1 Kitab Sutji (JAV)

BAB 1-39: PERANGAN KAPISAN

Wosing isine

1:1-1

1. Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda.

Pangresula bab bangsa kang ora setya iku

1:2-9

2. Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi,sabab Pangeran Yehuwah ngandika:“Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthahnanging padha mbalela marang Ingsun.

3. Sapi wanuh marang kang duwenanging Israel ora;kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane,nanging umatingSun ora mangreti.”

4. Bilai bangsa kang dosa,golongan kang kabotan durakaturune wong ala,bocah-bocah kang tumindak ora becik!Iku padha ninggal Sang Yehuwah,padha ngala-ala marang kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel,tuwin ngungkurake Panjenengane.

5. Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi,kowe kang padha mbangetake pamurtadmu?Sirahe wus lara kabeh,lan atine wus lungkrah lesu kabeh.

6. Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirahora ana kang waras,abuh lan babak-belur sarta tatu anyar,ora diplothoti lan ora diblebedi,tuwin ora dilengani.

7. Nagaramu dani sepi mamring,kutha-kuthamu padha kobong nganti entek;pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu.Sepi mamring nagara iku kayadenedibosah-basihake dening bangsa liya.

8. Putri ing Sion kari ijen,kayadene gubug ing pakebonan anggurkaya cakruk ing kebon timunlan kaya kutha kang kinepung.

9. Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitahora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat,kita wus padha kaya Sodomlan padha kaya Gomora.

Mratobat iku luwih becik katimbang karo caos kurban

1:10-20

10. Rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para panggedhene Sodom!Gatekna piwulange Allah kita,he rakyat Gomora!

11. “Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?”mangkono pangandikane Sang Yehuwah,“Ingsun wus jeleh marng kurban obarankang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon;getihe sapi lanang lan wedhus gembelsarta wedhus lanang ora Sunrenani.

12. Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSunsapa kang ngudokake sira mangkono,dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun?

13. Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamisamarga gandane gawe enegingSun.Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabatutawa nganakake kumpulan-kumpulan,Ingsun ora tahan mirsani,awit pahargyanira iku kebak piala.

14. Pahargyan-pahargyanira sasi anyarlan kumpulan-kumpulanira kang ajegiku Ingsun sengit mirsani;kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun,Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat.

15. Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga,Ingsun bakal nasabi paningalingSun,malah sanadyan sira ndedonga mawali-waliIngsun ora bakal midhangetakeawit tanganira kebak getih.

16. Padha wisuha, resikana awakira,edohna panggawenira kang alasaka ing ngarsane paningalingSun.Marenana anggonira gawe piala,

17. padha sinaua gawe becikngudia marang kaadilan,ngendhalenana wong kang ambek siya;mbelanana hake para bocah lola,ngembanana prakarane para randha!

18. Ayo, kita padha prakaran!-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --Sanadyan dosanira abang kaya gluga,bakal dadi putih kaya salju;sanadyan rupane abang kaya jarit sumbabakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.

19. Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake,sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.

20. Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalelasira bakal padha kamangsa ing pedhang.”Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah.

Paukuman tumrap Yerusalem

1:21-31

21. Kapriye iki, dene kutha kang biyen setyasaiki dadi wanita tunasusila!Maune kebak kaadilanlan tansah kanggonan kabeneran,nanging saiki kebak wong gawe pepati.

22. Salakamu wus ora tulen maneh,lan anggurmu wus kecampuran banyu.

23. Para panggedhemu iku padha wong mbalela,lan padha sekuthon karo maling.Kabeh padha seneng tampa besellan mburu sogok.Ora padha mbelani hake para bocah lolalan prakarane para randhaora lumadi marang wong-wong mau.

24. Mulane mangkene pangandikane Pangeran,Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel:“Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsunlan nandukake piwales marang para mungsuhingSun.

25. AstaningSun bakal nglawan marang siraIngsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha,sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira.

26. Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyenlan para penasehatira kaya ing sakawit.Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan,kutha kang setya.”

27. Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilanlan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener.

28. Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosabakal kasirnakake bebarengansarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes.

29. Sanyata, sira bakal padha kawirangan marga saka wit-wit elahkang padha sira dhemeni,tuwin sira bakal padha kawirangan marga saka taman-tamaning dewakang padha sira pilih.

30. Amarga sira bakal padha kaya wit elahkang alum godhonge,lan kaya pakebonan kang kekurangan banyu.

31. Wong kang rosa banjur dadi kaya kapaslan panggawene dadi kaya geni sapelik;karo-karone bakal padha kobong barengsarta ora ana wong kang bisa nyirep.