Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 30 Kitab Sutji (JAV)

Dudu Mesir nanging Pangeran Yehuwah kang paring pitulungan

30:1-17

1. Bilai anak-anak kang mbalela,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --kang padha nindakake rancangan kang ora saka Ingsun,kang lumebu ing pasarujukan,kang ora marga saka karsaning RohingSun,satemah dosane saya wuwuh-wuwuh,

2. kang mangkat menyang ing tanah Mesir,ora kalawan nyuwun putusaningSun,sumedya ngayom marang Pringonlan ngungsi marang ing pangaubaning Mesir.

3. Nanging pangayomane Pringonbakal gawe wirangira kabeh,lan ngungsi ing pangaubaning Mesirbakal ndadekake isinira kabeh.

4. Amarga sanadyan para panggedhe Yerusalem wus padha ana ing Zoan,lan para utusane wus padha tekan ing Hanes,

5. iku kabeh bakal kawiranganamarga bangsa iku ora bisa nguntungake,lan ora bisa aweh pitulungan sarta ora maedahi;nanging mung gawe wirang, malah banjur dadi lan kanisthane.

6. Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb.Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara,papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggeropapaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur,wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi,lan barang darbeke ign punuking unta,arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,

7. yaiku Mesir kang aweh pitulungan kang ora migunani lan tanpa paedah;mulane iku Sunjenengake:“Rahab kang dianggurake.”

8. Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate,lan sira cathetana ing kitab,supaya dadi paseksenkanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.

9. Awit iku sawijining bangsa kang mbalela,anak kang padha seneng gorohanak kang padha sungkan ngrungokakemarang piwulange Pangeran Yehuwah,

10. kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,”lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata,nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake,wedharna wangsit othak-athikan,

11. padha sumingkira saka ing dalan metua ing dalan liyane,aku aja padha kokridhu kalawanKang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.”

12. Mulane mangkene pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Sarehne sira padha nampik pangandika iki,lan masrahake awakira marang para wong kang meres lan laku ngiwasarta sumendhe marang wong-wong iku,

13. mulane dosa iki tumrap sira kabehbakal kaya gempalan tembok kang arep tiba,kang mongol metu ing tembok kang dhuwur,kang bakal ambruk kalawan dadakan ing sakedhep netra,

14. bakal remuk kaya klenthinge kundhi,kang kabanting tanpa dieman,nganti ing antarane remukane ora ana wingka siji baekang kena dianggo golek geni ingbedhiyang utawa kanggo nyidhuk banyu ing bak.”

15. Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Sarana mratobat lan sumarahsira bakal padha kaparingan slamet;kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.”Nanging sira padha ora gelem,

16. sira padhangucap: “Ora,aku arep padha nunggang jaran kang dakplayokake rikat,”mulane sira bakal padha lumayu lan sirna.Sira uga padha celathu: “Aku arep padha nunggang jaran kang cukat,”mulane kang ngoyak sira bakal ngluwihi cukate.

17. ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji,sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima,nganti sira kang padha tininggalkaya pal tetengger ing pucaking gununglan kaya gendera ing dhuwur tetengger.

Janji bakal paring kaslametan marang Sion

30:18-26

18. Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antosmarang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh;mulane banjur jumenengarep nandukake kawelasan marang kowe kabeh.Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil;rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!

19. He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.

20. Lan sanadyan Pangeran maringi roti tuwin banyu sarwa sathithik, nanging Pamulangmu ora bakal singidan maneh, nanging mripatmu bakal tansah ndeleng Panjenengane,

21. sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.

22. Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”

23. Pangeran Yehuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi bae koksebar ing pategalanmu, lan kowe bakal mangan roti kang enak lan akeh banget saka ing pametune tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar;

24. sapi-sapi lan kuldi-kuldi kang kanggo nggarap tanah bakal mangan pakan campuran kang enak, kang wus ditapeni lan diayak.

25. Saben gunung kang dhuwur lan saben tengger kang munggul bakal ana kali-kaline kang mili, yaiku ing dina patumpesan kang gedhe, samangsa menara-menara padha rubuh.

26. Padhanging rembulan purnama banjur bakal kaya padhanging srengenge kang sumorot sumelet, tuwin padhanging srengenge kang sumelet iku banjur bakal tikel kaping pitu, yaiku kaya padhange pitung dina, samangsa Sang Yehuwah mblebed tatune umate sarta nyarasake tilase kagebugan.

Paukumane Gusti Allah marang Asyur

30:27-33

27. Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh --bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng,lathine kebak deduka,lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis;

28. wedaling napase kaya kali kang ngelekake,kang banyune nganti sagulu --Rawuhe arep ngayaki bangsa-bangsa kalawan ayaking karusakantuwin arep masang kendhali panasaraning cangkeme para suku bangsa.

29. Kowe bakal padha ngrepekake kekidungankaya ing wektu bengi nalika wong sesuci ngarepake riaya,sarta kowe bakal padha seneng-seneng kaya manawa wong lumaku digameli ing sulingarep munggah ing gununge Sang Yehuwah,ing Gunung-Parange Israel.

30. Lan Pangeran Yehuwah bakal ngedalake swarane kang mulya,bakal ngatingalake astane kang nempuhkalawan bebendu kang ngedab-edabi sarta kalawan geni kang memangsa nganti gusis,tuwin kalawan udan deres, prahara lan udan krikil.

31. Sabab Asyur bakal kaget krungu swaraning Yehuwah,yaiku nalika padha kapupuh kalawan gada.

32. Amarga saben gebugan kalawan teken kang kagem ngrangketkang kagebagake dening Pangeran marang wong-wong mau,bakal kairing ing swaraning trebang lan clempung,sarta Panjenengane bakal merangi Asyur,kalawan asta kang kaacungake marang ing peperangan.

33. Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen-- iku rak kanggo raja --dhasare kagawe jero lan amba,pancakane kebak geni lan kayu;napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.