Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 18 Kitab Sutji (JAV)

Wangsit tumrap Etiopia

18:1-7

1. Bilai! Nagara kumrisiking swiwiing sabranging kali-kali ing tanah Etiopia,

2. kang ngirimake duta-duta ngliwati sagarakalawan prau-prau pandhan ngliwati lumahing banyu!Mangkata, he para utusan kang cukat,nemonana bangsa kang dhuwur dedege lan kang klimis pakulitane,golongan kang diwedeni ana ing ngendi-endiyaiku bangsa kang wulet lan ambek siya,kang nagarane ketrajang ing kali-kali!

3. He sakehing wong kang manggon i ing donya,he para wong kang manggon ing bumi!Samangsa gendera kaedegake ing gunung-gunung, padha delengen;samangsa kalasangka kaunekake, padha ngrungokna!

4. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku:“Ingsun bakal mirsani saka ing papan padalemaningSun kalawan ora ebah,kayadene hawa panas kang umob ing wektu panas gumemplang,kayadene pedhut ing panasing mangsa panen.”

5. Awit sadurunge ungsum wowohan,manawa wektune kembang wus kepungkur,lan dhompolaning pentil wus dadi woh anggur kang meh mateng,Pangeran Yehuwah bakal ngethoki pang-pange kalawan arit,lan carang-carange kakethokan lan kasingkirake.

6. Iku kabeh bakal ditinggal tumpukankanggo manuk galak ing pagunungan,lan kanggo kewan-kewan ing alas.Ing mangsa panas manuk-manuk galak bakal padha manggon ing konotuwin sakehe kewan ing alas ing mangsa bedhidhing.

7. Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion.