Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 4 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing wektu iku ana wong wadon pitu kang padha nggondheli wong lanang siji, sarta celathu: “Kula sami badhe nedha tetedhan lan mangangge sandhangan kula piyambak; nanging keparenga kula namung ngangge asma panjenengan; panjenengan mugi karsa ngicali kawirangan kula sadaya!”

Yerusalem kasucekake lan kaayoman

4:2-6

2. Ing nalika iku trubusan kang dithukulake dening Sang Yehuwah bakal dadi kaendahan lan kamulyan, lan pametuning bumi dadi kaagungan lan kamulyan tumrap para wong Israel kang padha bisa oncat.

3. Lan wong kekarene ing Sion tuwin kang isih ana ing Yerusalem bakal kasebut suci yaiku saben wong ing Yerusalem kang katulisan bakal oleh urip,

4. samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong.

5. Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung

6. sarta minangka pamondhokan papaning pangauban ing wayah awan supaya ora kena ing sumeleting panas sarta dadi papan pangungsen lan pandhelikan ing mangsa prahara lan udan.