Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50
  51. 51
  52. 52
  53. 53
  54. 54
  55. 55
  56. 56
  57. 57
  58. 58
  59. 59
  60. 60
  61. 61
  62. 62
  63. 63
  64. 64
  65. 65
  66. 66

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 6 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Yesaya katimbalan dening Gusti Allah

6:1-13

1. Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci.

2. Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur.

3. Iku padha nguwuh sasauran, tembunge:“Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah,saindenging bumi kebak ing kamulyane!”

4. Dhasaring dhempele lawang padha gonjing marga saka swara panguwuh iku, tuwin padaleman mau banjur kebekan ing kukus.

5. Aku nuli ngucap:“Bilai aku! Aku tiwas!Amarga aku iki wong kang alambe najis,sarta manggon ing satengahing bangsakang najis lambene,nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu,yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”

6. Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.

7. Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene:“Delengen, lah iki wus nggepok lambemu,dadine kaluputanmu wus sirnalan dosamu wus kaapura.”

8. Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika:“Sapa kang bakal Sunutus,lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?”Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”

9. Sawuse mangkono Panjenengane ngandika:“Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene:Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti!Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!

10. Atine bangsa iki gawenen ndableglan kupinge sira dadekna jampengsarta mripate gawenen merem kraket,supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripatelan krungu kalawan kupingetuwin mangreteni kalawan atine,satemah banjur mratobat lan dadi waras.”

11. Aku nuli munjuk pitakon: “Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangeran?” Paring wangsulane:“Nganti kutha-kutha wus sepi mamring,ora ana kang ngenggoni maneh,lan ing omah-omah wus ora ana manungsane manehsarta tanahe dadi sepen lan sepi.

12. Pangeran Yehuwah bakal nyingkirake manungsa nganti adoh banget,nganti meh dadi suwung babar pisan nagara iku.

13. Lan manawa ing kono isih ana kekarene saprasapuluh,iku kudu tinempuh ing bilai sapisan engkasnanging kaanane bakal kaya wit waringin lan wit elonkang tunggake isihsawuse kategor.Lan tunggak iku bakal metokake trubus kang suci!”