Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 23 Kitab Sutji (JAV)

1. Samangsa kowe ndherek dhahar karo panggedhe,nggatekna temenan apa kang ana ing ngarepmu.

2. Manawa kowe pancen wong dremba,nempelna lading ing gulumu.

3. Aja melik marang dhaharane kang enak-enak,awit iku pangan kang nyidrani.

4. Aja ngaya pangudimu supaya bisa dadi sugih,tinggalen karepmu kang mangkono iku;

5. marga yen kokwaspadakake, banjur sirna,awitdene iku dumadakan nganggo swiwikaya manuk garudha kang banjur mabur ing akasa.

6. Aja mangan pangane wong cethil,lan aja melik marang pangane kang enak-enak,

7. awit kaya wong kang ngetung-etung ing sajroning atine,iya kaya mangkono iku wong mau.Pangucape marang kowe: “Mangana lan ngombea!”Nanging atine ora seneng marang kowe.

8. Saemplokan olehmu mangan bakal kokutahake,lan sakehing tembungmu kang alus iku kokbuwang tanpa tanja.

9. Aja guneman ana ngarepe wong gemblung,marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis.

10. Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas,lan aja lumebu ing pategalane bocah lola.

11. Awitdene kang nebus iku santosa,Pangeran kang mbelani prakarane nglawan marang kowe.

12. Migatekna marang panggulawenthah,lan kupingmu telingna marang tembung-tembung kang isi kawruh.

13. Aja nglirwakake pamerdi marang anak,iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine.

14. Kowe nggitik nganggo penjalin,nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati.

15. He anakku, manawa atimu wicaksana,iku iya ndadekake bungahing atiku.

16. Nyawaku abungah-bungah,manawa lambemu ngucapake kang jujur.

17. Atimu aja meri marang para wong dosa,nanging tansah mantepa anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah.

18. Satemene panganti-anti iku pancen ana,lan pangarep-arepmu ora bakal ilang.

19. He anakku, ngrungokna, lan dadia wicaksana,atimu enerna ing dalan kang bener.

20. Aja srawungan karo wong kang karem ngombe anggur,lan kang karem marang daging;

21. awit wong karem ngombe lan seneng mangan iku bakal nemahi kamlaratan,lan ngantuk njalari nggombal.

22. Rungokna pituture bapakmu kang nganakake kowe,lan aja nyepelekake biyungmu samangsa wus tuwa.

23. Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh,mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.

24. Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak,sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah.

25. Kareben bapa lain biyungmu padha bungah,lan kang nglairake kowe cikben agiyak-giyak.

26. He anakku, atimu wenehna marang aku,sarta mripatmu cikben seneng marang dalan-dalanku.

27. Awit wong wadon tuna-susila iku jugangan kang jero,lan wong wadon lenjeh iku sumur kang ciyut.

28. Malah kaya begal anggone nyenyegat,lan ngakehake wong kang cidra ana ing antarane para manungsa.

29. Sapa kang ngadhuh-adhuh? Sapa kang sambat-sambat?Sapa kang padu? Sapa kang ngesah-esah?Sapa kang tatu tanpa sabab?Sapa kang mripate abang?

30. Yaiku para kang melek nganti tengah wengi karo ngombe anggur,kang padha teka prelu ngicipi anggur bumbon.

31. Aja mandeng marang anggur, kang abang memenginake banget warnane,sarta kileng-kileng ana ing tuwung,lan angler nikmat yen kaombe,

32. nanging wekasane nyakot kaya ula,lan nyemburake wisa kaya ula bedhudhak.

33. Mripatmu banjur bakal ndeleng bab-bab kang aneh,lan atimu nglairake tembung-tembung kang ora karuwan.

34. Kowe banjur kaya wong kang ana ing satengahe ombak sagara,utawa kaya wong kang ana ing pucaking tiyange prau.

35. Kowe bakal celathu mangkene: “Aku digebugi dening wong, nanging aku ora krasa lara,lan dipenthung iya ora krasa!Kapan aku eling?Aku arep golek anggur maneh.”