Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 10 Kitab Sutji (JAV)

Wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman

10:1--22:16

1. Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman,Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne,nanging anak kang goblog iku gawe prihatine biyunge.

2. Raja-brana, oleh-olehane tindak duraka iku ora maedahi,nanging kabeneran iku nguwalake wong saka ing pati.

3. Sang Yehuwah ora negakake wong bener nandhang keluwen,nanging pepenginane wong duraka ditampik.

4. Tangan kang kendho marakake mlarat,nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.

5. Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter,nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin.

6. Berkah iku manggon ana ing sirahe wong bener,nanging cangkeme wong duraka iku ndhelikake panganiaya.

7. Pangeling-eling marang wong bener iku ngolehake berkah,nanging jenenge wong duraka dadi bosok.

8. Sing sapa wicaksana ing ati, iku nggatekake marang pepakon,nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.

9. Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune,nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.

10. Sing sapa kedhep-kedhep mripate, iku nukulake kasusahan,nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.

11. Cangkeme wong bener iku sumbering urip,nanging cangkeme wong duraka, iku ndhelikake panganiaya.

12. Sengit marakake grejegan,katresnan nasabi sakehe panerak.

13. Lambene wong wasis iku ana kawicaksanane,nanging gegere wong tanpa budi iku kacawisan penthung.

14. Wong wicaksana iku tetandho kawruh,nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam.

15. Raja-darbene wong sugih iku minangka kuthane kang santosa,nanging kang njalari karusakane wong miskin iku kamlaratan.

16. Pituwas panggawene wong bener iku nuntun marang urip,oleh-olehane wong duraka iku nuntun marang dosa.

17. Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip,nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.

18. Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene,sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.

19. Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake,nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi.

20. Ilate wong bener iku kaya salaka pilihan,nanging pikirane wong duraka iku sathithik ajine.

21. Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh,nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi.

22. Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake,ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.

23. Kang dadi kabungahane wong gemblung iku manawa nglakoni pratingkah nistha,nanging wong pinter iku senenge manawa oleh kawicaksanan.

24. Wong duraka kataman apa kang disumelangake,nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake.

25. Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna,nanging wong bener iku tetales kang langgeng.

26. Kayadene cokak tumrap ing untu lan kukus tumrap ing mripat,iya mangkono iku wong kesed tumrap kang ngongkon.

27. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku ndawakake umur,nanging taun-taune wong duraka iku dicendhakake.

28. Pangarep-arepe wong bener iku dadi kabungahan,nanging pangarep-arepe wong duraka dadi tanpa guna.

29. Margine Pangeran Yehuwah iku pangayoman tumrape wong kang jujur,nanging ing ngatase wong kang nglakoni piala dadi karusakan.

30. Wong bener ora bakal kaontang-antingake ing salawase,nanging wong duraka ora bakal manggon ing nagara.

31. Cangkeme wong mursid metokake kawicaksanan,nanging ilat rangkep iku dikethok.

32. Lambene wong bener sumurup samubarang kang ngresepake,nanging cangkeme wong duraka mung nglairake kaculikan.