Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 16 Kitab Sutji (JAV)

1. Manungsa bisa nimbang-nimbang ing sajroning ati,nanging wangsulane ilat iku asale saka Sang Yehuwah.

2. Wong padha ngarani resik marang dalane, manut wawasane dhewe,nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.

3. Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.

4. Pangeran Yehuwah anggone nitahake samubarang iku kanthi tujuane dhewe-dhewe,malah wong duraka iku kapesthekake kanggo dinane bilai.

5. Sing sapa lumuhur-luhur iku nistha tumraping Pangeran Yehuwah,sanyata, wong iku ora bakal mlesed saka ing paukuman.

6. Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura,sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.

7. Manawa ana wong kang lakune ndadekake keparenge Sang Yehuwah,iku dalasan satrune iya dirukunake karo wong mau.

8. Luwih becik pametu sathithik klawan kabeneran,tinimbang pametu akeh tanpa kaadilan.

9. Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane,nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.

10. Putusan kang saka ing Gusti Allah, iku ana ing lathining ratu,manawa anggone ngadili lesane ora tumindak kliru.

11. Timbangan lan traju kang patitis iku kagungane Pangeran Yehuwah,lan sakehe bandhul-timbangan ing kanthong iku damelane.

12. Nistha ing ngatase raja yen nindakake duraka,dene kang nyantosakake dhampare iku kabeneran.

13. Lambe kang nglairake kabeneran iku ndadekake keparenge Sang Prabu,sarta panjenengane ngasihi wong kang tembung-tembunge jujur.

14. Dukaning ratu iku dutaning pati,mangka wong wicaksana ngendhakake bebendune.

15. Pasuryaning ratu kang sumunar iku njalari urip,lan kabecikane kaya mendhunge udan ing mangsa semi.

16. Oleh kawicaksanan iku pranyata banget ngluwihi oleh mas,lan oleh pangreten banget ngungkuli oleh salaka.

17. Ngedohi piala iku dalane wong jujur,sing sapa rumeksa marang tindake iku ngreksa nyawane.

18. Kumenthus iku pepucuking karusakan,lan gumunggung iku pucuking ambruk.

19. Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor,tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung.

20. Sing sapa nggatekake pangandika bakal nemu becik,sarta rahayu wong kang kumandel marang Sang Yehuwah.

21. Wong wicaksana iku diarani duwe pangreten,lan tembung manis iku luwih bisa ngyakinake.

22. Kapinteran iku sumbering urip tumrap kang nduweni,wong bodho disiksa dening bodhone.

23. Atine wong wicaksana minterake cangkeme,lan marakake lambene luwih bisa ngyakinake.

24. Tetembungan kang sedhep iku kaya tala madu,rasane legi tumrap ing ati lan dadi tamba balung.

25. Ana dalan kang dikira bener dening wong,mangka pungkasane anjog marang pati.

26. Rasa luwe iku nyambut gawe kanggo si buruh,amarga cangkeme kang meksa wong iku.

27. Wong kang tanpa guna ndhudhuk luwang piala,sarta ing lambene kaya-kaya ana geni kang nggosongake.

28. Wong kang culika marakake grejegan,sarta wong kang mitenah iku misahake mitra kenthel.

29. Wong kang ambek siya nasarake pepadhane,lan nuntun marang dalan kang ora bener.

30. Sing sapa ngeremake mripate iku ngrancang kadursilan,kang ngingkemake lambene iku wus nglakoni piala.

31. Rambut uwanen iku makutha kang endah,kang tinemu ana ing dalaning kabeneran.

32. Wong kang sabar iku ngluwihi pahlawan,wong kang bisa ngereh awake, iku ngluwihi wong kang bisa ngrayud nagara.

33. Undhi kabuwang ing pangkon,nanging sakehing putusane iku saka Sang Yehuwah.