Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 6 Kitab Sutji (JAV)

Pitutur warna-warna

6:1-19

1. He anakku, manawa kowe nanggung pepadhamu,lan gawe prajanjian karo wing liya;

2. manawa kowe kejiret ing tembungmu dhewe,kena kala ing tembunge cangkemmu dhewe,

3. nuli, he anakku, tumindaka mangkene, lan ngluwarana awakmu,marga kowe wus tumiba ing regemane pepadhamu,lungaa, jengkenga, lan njaluka kawelasan kalawan banget marang pepadhamu iku,

4. aja ngolehake mripatmu ngliyep,lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,

5. awakmu luwarana kaya menjangan saka ing tangane wong mbebedhag,kaya manuk saka ing tangane kang mikat.

6. He wong kesed, maranana semut,lakune titenana lan dadia pinter.

7. Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin,ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,

8. iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas,lan tandho pangan ing mangsa panen.

9. He wong kesed, nganti pira lawase anggonmu klemahan,besuk apa anggonmu tangi turu?

10. “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas,nekuk tangan arep nglegeyeh sadhela engkas.”

11. Kowe nuli bakal katekan kamiskinan kaya wong kang nempuh,lan kacingkrangan kayadene wong kang sikep gegaman.

12. Tanpa guna lan nisthawong kang urip kalawan cangkem kang cidra,

13. kang mripate kedhep-kedhep,kang muter-muter sikile lan nyasmitani srana drijine,

14. kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala,lan kang njalari tukar padu;

15. mulane banjur dadakan katempuh ing bilai,sadhela bae rusak lan ora bisa dipulihake maneh.

16. Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah,malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;

17. iya iku mripat gumunggung, ilat cidra,tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah;

18. ati kang ngrantam-rantam piala,sikil kang enggal-enggal marani piala,

19. seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan,sarta kang njalari ecrahe sadulur.

Pitutur bab laku bandrek

6:20--7:27

20. He anakku, pepakone bapakmu estokna,lan aja ninggal piwulange ibumu.

21. Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu,lan kalungna ing gulumu.

22. Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin,lan samangsa kowe turu, ditunggu,yen kowe tangi, bakal diajak guneman.

23. Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang,sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip,

24. bakal ngayomi kowe saka wong wadon tuna-susila,lan ilate wong wadon liya kang lunyu.

25. Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu,aja nganti ketarik dening idepe.

26. Marga kanggone wong wadon tuna-susila,kang diprelokake iku anggone bisa oleh rejeki,nanging bojoning liyan mburu nyawa kang adi.

27. Apa bisa wong nggembol geni ana ing klambinelan ora kobong sandhangane?

28. Utawa apa iya wong mlaku ing sandhuwure mawa,kok ora gosong sikile?

29. Mangkono uga wong kang nyedhaki somahe pepadhane;ora ana wong siji-sijia kang nggepok wong wadon iku,kok luput ing paukuman.

30. Maling apa ora bakal diremehake, yen anggone maling ikumung marga arep nuruti pepenginane, marga saka keluwen?

31. Sarta manawa kecekel, kudu nglironi tikel pitu,apa saisining omahe ditombokake.

32. Sing sapa laku jina iku tanpa budi,kang nindakake mangkono iku ngrusak awake dhewe.

33. Siksa lan wirang dadi pituwase,kawirangane ora bisa ilang.

34. Marga butarepan iku panasing atine wong lanang,samangsa males tanpa duwe rasa welas.

35. Wong iku ora gelem nampani tebusan apa bae,sanadyan pira bae pawewehmu, tetep ora bakal ditampani.