Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 11 Kitab Sutji (JAV)

1. Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah,nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.

2. Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi,nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah.

3. Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane,nanging wong cidra iku dirusak dening culikane.

4. Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani,nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.

5. Dalane wong mursid dirata dening kabenerane,nanging wong duraka tiba marga saka durakane.

6. Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane,nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune.

7. Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine,nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna.

8. Wong bener kaentasake saka ing karubedan,wong duraka kang banjur nggenteni.

9. Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme,nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.

10. Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha,lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.

11. Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha,nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.

12. Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi,nanging wong kang pinter iku meneng bae.

13. Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi,nanging wong setya nutupi prakara.

14. Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk,nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.

15. Sing sapa nanggung wong liya kang durung diwanuhi, iku bakal sangsara banget,nanging wong kang sengit marang tanggung jawab, iku slamet.

16. Wong wadon kang becik atine bakal kajen,dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan.

17. Wong kang ambek darma mbeciki awake dhewe,nanging kang ambek siya iku niksa awake dhewe.

18. Wong duraka oleh bebathen kang muspra,nanging sing sapa nyebar kabeneran oleh ganjaran kang tetep.

19. Sing sapa nggondheli kabeneran kang sejati iku ngener marang urip,nanging sapa kang mburu piala iku marani pati.

20. Wong kang atine culika, iku nistha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah,nanging para wong kang tanpa cacad, ndadekake keparenge.

21. Sanyata, wong ala mesthi tampa ukuman,nanging turune wong bener bakal kapitulungan.

22. Kayadene anting-anting emas ana ing congoring babi,iya kaya mangkono iku wong wadon ayu kang ora susila.

23. Pangarep-arepe wong bener nekakake kabegjan,nanging pangarep-arepe wong duraka nekakake bebendu.

24. Ana kang ngawut-awut bandhane, nanging saya sugih,lan ana kang kumet banget, ewasamono tansah kekurangan.

25. Sing sapa kerep andum berkah, bakal nampani kaluberan,sing sapa aweh ngombe, bakal diwenehi ngombe.

26. Sing sapa ndhelikake gandum, mesthi diunek-unekake ing wongnanging wong kang nempurake gandum, sirahe bakal katekan berkah.

27. Sing sapa ngupaya kabecikan, iku ngudi supaya disenengi ing wong,nanging kang ngarah marang piala, bakal ketaman ing piala.

28. Sing sapa ngandelake marang kasugihane bakal ambruk,nanging wong bener bakal semi kaya godhong enom.

29. Sing sapa ngisruhake brayate, bakal oleh angin,wong bodho bakal dadi bature wong wicaksana.

30. Pituwase wong bener iku wit panguripan,sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.

31. Manawa wong bener oleh piwales ana ing donya,mendahane maneh wong duraka lan wong dosa!