Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 19 Kitab Sutji (JAV)

1. Luwih becik wong miskin kang kelakuane resik,tinimbang karo wong cidra lambene lan gemblung.

2. Tanpa kawruh kasregepan uga ora maedahi,sarta kang kesusu iku bakal kleru jangkahe.

3. Kabodhoane wong nasarake lakune,nuli ngundhamana marang Pangeran Yehuwah.

4. Kasugihan ngolehake mitra akeh,nanging wong mlarat, ditinggal mitrane.

5. Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman,sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.

6. Akeh wong kang nyanak marang wong kang luber atine,lan saben wong kepengin dadi mitrane wong kang dhemen weweh.

7. Wong miskin iku kasengitan dening sadulure kabeh,apa maneh mitrane, mesthi padha ngedohi,dioyak klawan diceluki,ewasamono wus padha ora katon.

8. Sing sapa kadunungan akal-budi, iku nresnani awake dhewe,kang migunakake kapinteran, bakal nemu begja.

9. Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman,sarta kang ngucapake cidra bakal sirna.

10. Wong gemblung ora patut oleh kamukten,apamaneh abdi manawa pantesa ngereh para panggedhe.

11. Kapinteran njalari wong sabar banget,sarta kaalembana marga anggone ngapura panerak.

12. Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom,nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan.

13. Anak kang gemblung iku dadi cilakane bapakne,padune wong wadon iku kaya trocohing payon kang tanpa kendhat.

14. Omah lan bandha iku warisan saka leluhur,nanging rabi kang pinter iku peparinge Sang Yehuwah.

15. Kesed iku marakake turu kepati,nanging wong wegahan bakal nandhang keluwen.

16. Wong kang netepi pepakon, iku rumeksa marang nyawane,nanging kang ngremehake pangandika, bakal mati.

17. Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang bakal males panggawene iku.

18. Anakmu rangketen salawase isih ana pangarep-arep,nanging aja nganti ndadekake patine.

19. Wong kang enggal banget nepsune, bakal kena dhendha,sabab saupama kowe nyoba arep nulungi, malah mundhak nepsune.

20. Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi,supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana.

21. Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh,nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon.

22. Wewatekan kang dikepengini tumraping wong iku kasetyan,luwih becik wong miskin tinimbang karo wong kang ngapusi.

23. Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah ngolehake urip,wong banjur bakal nginep klawan seneng ora bakal katempuh ing bilai.

24. Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan,nanging ora bakal bisa ngemplok.

25. Yen wong ambek memoyok kokgitik, wong kang tanpa pengalaman bakal dadi wicaksana,yen wong mawa budi kokwelehake, bakal ngrumangsani.

26. Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge,iku ngalakake lan mirangake awake dhewe.

27. He anakku, aja ngrungokake pamerdi maneh,manawa kowe jebul iya nyimpang saka ing pitutur kang aweh kawruh.

28. Seksi kang ora ana gunane iku ngremehake angger-angger,lan cangkeme wong duraka nguntal para cidra.

29. Wong memoyok kacawisan paukuman,lan gegere wong gemblung dicepaki gitik.