Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 3 Kitab Sutji (JAV)

Berkahing kawicaksanan

3:1-26

1. He anakku, aja lali marang piwulangku,sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,

2. amarga umur dawa lan urip nganti tuwa,apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.

3. Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe,iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;

4. temah kowe bakal oleh sih lan dadi kajenana ing ngarsane Gusti Allah lan ana ing ngarepe manungsa.

5. Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu,lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.

6. Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane,temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.

7. Aja rumangsa pinter dhewe,wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,

8. iku kang bakal marasake awakmu,sarta nyegerake balung-balungmu.

9. Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamulan srana kawitaning sakehe pametumu;

10. temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber,lan pamipitanmu luber anggure.

11. He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah,lan aja bosen marang pepengete,

12. awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi,iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.

13. Rahayu wong kang tampa kawicaksanan,wong kang oleh kapinteran,

14. awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka,lan pikolehe ngungkuli emas.

15. Ajine ngluwihi raja-peni,apa bae kang kokkarepake ora bisa madhani.

16. Tangane tengen nggegem umur dawa,kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan.

17. Dalane iku kebak kabegjan,lan sakehe lurunge anane mung tentrem.

18. Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekelsarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.

19. Klawan kawicaksanan Sang Yehuwah anggone nalesi bumi,sarta anggone netepake langit kalawan pangreten,

20. marga saka kawasisane Gusti Allah, banyuning sagara dipencarake,lan mendhung netesake ebun.

21. He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu,iku simpenen,

22. iku bakal dadi uripe nyawamu,lan minangka rerenggane gulumu.

23. Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet,lan sikilmu ora bakal kesandhung.

24. Samangsa kowe turon, bakal ora kaget,nanging bisa leyeh-leyeh lan turu kepenak.

25. Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan,utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani.

26. Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu,lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret.

Pamrayoga supaya nindakake kabecikan

3:27-35

27. Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani,mangka kowe bisa tumindak mangkono.

28. Kowe aja nyelathoni pepadhamu: “Lungaa, lan balia,sesuk bakal dakwenehi,” mangka nyatane kowe duwe apa kang dijaluk.

29. Aja ngrancang gawe piala marang pepadhamu,awit anggone tetunggalan karo kowe tanpa sanggarunggi.

30. Aja padu karo wong tanpa sabab;manawa ora nandukake piala marang kowe.

31. Aja meri marang wong kang ambek siya,lan aja milih dalane, sanajan mung siji bae kang kokpilih;

32. awitdene wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yehuwah,nanging karo wong kang temen pasrawungane raket.

33. Omahe wong duraka iku kanggonan laknate Sang Yehuwah,nanging panggonane wong mursid diberkahi.

34. Para wong ambek memoyok iku dipoyoki dening Panjenengane,nanging para wong kang andhap asor iku dikasihi.

35. Wong wicaksana bakal oleh warisan kaurmatan,nanging wong punggung bakal tampa pamoyok.