Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 21 Kitab Sutji (JAV)

1. Panggalihe ratu iku kaya ilen-ilen banyu ing astane Pangeran Yehuwah,diilekake manut ing sakarsane piyambak.

2. Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng,nanging Sang Yehuwah kang neter ati.

3. Nindakake kabeneran lan kaadilaniku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.

4. Mripat kang kumlungkung lan ati kang gumunggung,kang dadi damare wong duraka, iku dosa.

5. Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan,nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.

6. Oleh kasugihan srana ilat cidraiku barang kang tanpa guna, kang sirna saka wong kang ngupaya pati.

7. Wong duraka padha diseret dening panganiayane dhewe,marga padha lumuh nindakake kaadilan.

8. Dalane juru apus iku menggak-menggok,nanging wong jujur iku jejeg tindake.

9. Pilih manggon ana ing pojoking payon,tinimbang karo manggon saomah karo wong wadon kang dhemen padu.

10. Atine wong duraka iku kepengin marang piala,sarta ora nduweni kawelasan marang pepadhane.

11. Yen wong ambek memoyok diukum, wong kang ora duwe pangalaman dadi wicaksana,lan yen wong wicaksana diwulang, bakal oleh kawruh.

12. Kang Mahaadil ngyektosi omahe wong duraka,lan njorogake wong duraka mau marang ing bilai.

13. Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat,manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.

14. Paweweh klawan sidheman nglilihake nepsu,lan atur-atur kang srana dhedhemitan nyirep nepsu kang nggegirisi.

15. Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener,nanging gawe wedine wong kang tumindak ala.

16. Wong kang nyimpang saka dalane akal-budi,iku bakal leren ana ing panggonan nglumpuke para arwah.

17. Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan,sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.

18. Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener,kang cidra kanggo lirune kang jujur.

19. Luwih becik manggon ana ing segara wedhi,katimbang karo manggon klawan wong wadon kang seneng padu lan seneng nepsu.

20. Omahe wong wicaksana kanggonan raja-brana kang adil lan lenga,nanging wong kang gemblung ngentek-entekake iku.

21. Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan,bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.

22. Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan,sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele.

23. Sing sapa njaga cangkem lan ilate,dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.

24. Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok,solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.

25. Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe,marga tangane lumuh nyambut gawe.

26. Kamelikan iku sadina-dina tansah melik,balik wong bener iku weweh tanpa wates.

27. Kurban sesaosane wong duraka iku jember,luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala.

28. Seksi goroh bakal sirna,nanging wong kang ngrungokake bakal ajeg micara.

29. Wong duraka ora duwe isin,nanging wong jujur nata dalane.

30. Ora ana kawicaksanan lan pangreten,lan ora ana panimbang-nimbang kang bisa nandhingi Sang Yehuwah.

31. Jaran dirakiti kanggo ing mangsa perang,nanging kaunggulan iku ana ing astane Pangeran Yehuwah.