Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 8 Kitab Sutji (JAV)

Pamejange kawicaksanan

8:1-36

1. Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh,lan kapinteran rak ngetokake swarane?

2. Ing panggonan kang dhuwur ing pinggir dalan,ana ing simpangane lurung-lurung, ana ing kono enggone jumeneng,

3. ana ing sandhinge gapura sangarepe kutha,ana ing dalan lumebu anggone nguwuh-uwuh kalawan sora, pangandikane:

4. “He para wong lanang, sira kang Sunpituturi,marang para anaking manungsa, swaraningSun Suntujokake.

5. He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran,he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.

6. Padha ngrungokna, awit Ingsun bakal ngandikakake prakara kang jero,lan arep mbikak lathiningSun lan nglairake prakara kang bener.

7. Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran,lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun.

8. Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil,ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra.

9. Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter,sarta bener ingatase kang duwe kawruh.

10. PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka,lan kawasisan ngluwihi mas murni.

11. Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni,sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani.

12. Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran,lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.

13. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala,Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala,apadene cangkem kang kebak cidra.

14. Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun,Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.

15. Para raja anggone mrentah marga saka Ingsun,mangkono uga para panggedhe anggone nindakake pangadilan.

16. Para panggedhe anggone kadunungan pangwasa iku marga saka Ingsun,mangkono uga para luhur lan sakehe hakim ing sajagad.

17. Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsunlan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.

18. Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun,uga bandha kang tetep lan kaadilan.

19. WohingSun iku ngungkuli emas, malah ngluwihi mas tulen,pametuningSun iku ngluwihi salaka pilihan.

20. Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran,ing tengah-tengahe lurung kaadilan,

21. supaya wong kang tresna marang Ingsun padha Sunparingi warisan bandha,sarta papan pasimpenane bakal Sunkebaki.

22. Ingsun wus katitahake dening Pangeran Yehuwah dadi wiwitaning pakaryane,minangka pandamele kang kawitan ing jaman kuna.

23. Ingsun wus kaanakake nalika jaman purwa,iya ing wiwitan mula, sadurunge bumi ana.

24. WiyosingSun sadurunge banyu samodra agung ana,sadurunge ana sumber-sumber kang luber banyune.

25. Sadurunge gunung-gunung tumanceblan sadurunge ana punthuk-punthuk Ingsun wus miyos.

26. Iya sadurunge panjenengane nitahake dharatan lan ara-ara,malah durung ana bledug kang kawitan.

27. Nalika Panjenengane ngrancang anane langit, Ingsun ana ing kono,iya ing kalane nyipat sikiling langit ana ing lumahe samodra agung,

28. iya ing kalane netepake mega-mega ing dhuwur,lan kalane sumbering samodra agung wiwit padha mbludag klawan santer,

29. nalika Panjenengane nemtokake watesing segara,supaya banyu aja nganti nerak dhawuhe,lan ing kalane masang dhasaring bumi.

30. Ingsun dadi putra kekasihe kangnyarengi Panjenengane,sadina-dina Ingsun damel renaning panggalihe,tansah dolanan ana ing ngarsane.

31. Ingsun dolanan ana ing bumi kagungane,sarta para anaking manungsa padha dadi kalangenaningSun.

32. Mulane, he bocah-bocah, padha rungokna dhawuhingSun,awit rahayu wong kang padha rumeksa marang dalan-dalaningSun.

33. Nilingna pamerdi, temah sira dadi wicaksana,aja sira lirwakake.

34. Rahayu wong kang ngrungokake sadhawuhingSun,kang sadina-dina caos ana ing lawangingSun,lan jaga ana ing pipining gapuraningSun.

35. Amarga sapa kang nemu Ingsun, iku nemu urip,sarta pesthi oleh sihe Pangeran Yehuwah.

36. Balik sing sapa ora nemu Ingsun, iku mitunani awake dhewe,sakehe wong kang sengit marang Ingsun, iku nresnani pati.