Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 20 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggur iku tukang memoyok, minuman keras iku tukang gawe rame,sing sapa sempoyongan marga saka iku, dadi ora wicaksana.

2. Dukaning ratu iku kayadene panggerone singa nom,sing sapa nenangi dukane iku mbebayani tumrap awake.

3. Sapa kang ngedohi tukar-padu iku patut diurmati,nanging saben wong bodho nguja kanepsone.

4. Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku,manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.

5. Rancangan kang ana ing atine manungsa iku kaya banyu kang jero,ewasamono wong kang pinter bisa ngangsu.

6. Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik,nanging wong kang setya iku sapa kang nemu?

7. Wong bener kang lakune jujur,iku turune padha rahayu.

8. Ratu kang lenggah ing kursi pangadilan,kalawan tingale bisa mirsani sakehe piala.

9. Sapa kang bisa ngucap: “Aku wus ngresiki atiku,wus lebur sakehing dosaku?”

10. Bandhul timbangan rong warna, lan takeran rong warna,karo-karone iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah.

11. Sanadyan isih bocah iya bisa dititeni kapirid saka ing panggawene,apa resik lan apa jujur kelakuane.

12. Kuping kang krungu lan mripat kang ndeleng,iku karo-karone Sang Yehuwah kang akarya.

13. Aja karem turu, supaya aja tumiba ing kamlaratan,mripatmu elekna temah wareg enggonmu mangan.

14. “Ora becik, ora becik,” pangucape kang tuku,nanging lagi bae lunga, nuli ngalembana awake dhewe.

15. Sanadyan emas lan mutiara akeh,nanging kang akeh banget pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh.

16. Jupuken sandhangane, awit wong iku nanggung wong liya,lan iku tahanen kanggo cekelan lirune wong liya mau.

17. Roti olehe ngapusi rasane enak,nanging cangkeme banjur kebak krikil.

18. Rancangan bisane kelakon marga saka panglimbang,mulane anggonmu perang nganggoa siasat.

19. Sapa kang nenacad iku ngeler wadi,mulane kowe aja srawungan karo wong kang cangkeme bocor.

20. Sing sapa ngipat-ipati bapakne utawa biyunge,iku damare bakal mati ing wektu peteng.

21. Raja-darbe kang anggone oleh klawan enggal ing wiwitane,wekasane ora diberkahi.

22. Aja duwe pangucap: “Aku arep males piala,”ngarep-arepa marang Sang Yehuwah, iku kang bakal ngluwari kowe.

23. Bandhul timbangan rong warna iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah,lan traju kang cidra iku ora becik.

24. Jangkahe wong iku katemtokake dening Sang Yehuwah,nanging kapriye manungsa anggone ngreti marang dalaning uripe?

25. Manawa wong tanpa pikir muni: “Suci,”sarta lagi nimbang-nimbang sawuse nduweni punagi,iku jiret tumrap awake dhewe.

26. Para wong duraka dititeni dening ratu kang wicaksana,lan padha diplindhes bola-bali.

27. Rohe manungsa iku damar peparinge Sang Yehuwah,kang niti-priksa kabeh isine atine.

28. Kang ngayomi ratu iku sih lan kasetyan,lan klawan sih anggone nyantosakake dhampare.

29. Kang minangka rerenggane wong nomnoman iku karosane,lan kang dadi kaendahane wong tuwa iku uwane.

30. Bilur-bilur kang ngemu getih iku ngresiki piala,lan gebugan iku ngresiki telenging ati.