Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 15 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu,nanging tembung sengak nuwuhake kanepson.

2. Ilate wong wicaksana nglairake kawasisan,nanging cangkeme wong gemblung ngluberake kabodhoan.

3. Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon,nguningani wong ala lan wong becik.

4. Ilat kang sareh iku wit panguripan,nanging ilat cidra gawe tatuning ati.

5. Wong bodho nampik pamerdine bapakne,nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana.

6. Ing omahe wong bener ana raja-brana akeh,nanging pituwase wong duraka iku nekakake karusakan.

7. Lambene wong wicaksana nyebar kawruh,nanging atine wong gemblung iku ora jujur.

8. Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah,nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.

9. Dalane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah,nanging wong kang ngupaya kabeneran iku dikasihi.

10. Wong kang nyleweng saka dalan kang bener oleh pamerdi kang keras,dene sing sengit marang pameleh bakal mati.

11. Jagading wong mati lan karusakan iku ora kaling-kalingan ana ing tingale Sang Yehuwah,mendahane maneh atine para anake manungsa.

12. Wong ambek memoyok emoh diwelehake,iya ora gelem marani wong wicaksana.

13. Ati seneng mbingarake polatan,nanging ati kang sedhih ngendhokake semangat.

14. Atine wong piter ngupaya kawruh,nanging cangkeme wong gemblung ribut karo kabodhoane.

15. Wong kang nandhang kasusahan iku dinane ala kabeh,nanging atine wong seneng iku prasasat pista ajegan.

16. Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah,tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.

17. Luwih becik jangan sapiring kanthi katresnan,tinimbang karo sapi lemu kang klawan sesengitan.

18. Wong brangasan marakake grejegan,nanging wong sabar ngendhakake para padu.

19. Dalane wong kesed iku kayadene pager eri,nanging dalane wong jujur iku rata.

20. Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne,nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge.

21. Kabodhoan iku dadi kasenengane wong kang tanpa budi,nanging wong pinter mlaku ana ing dalan kang bener.

22. Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan,nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.

23. Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair,lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.

24. Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur,supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.

25. Omahe wong gumunggung bakal dijugrugake dening Pangeran Yehuwah,nanging watese palemahane randha iku ditetepake.

26. Rancangane wong ala iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah,nanging tetembungan kang manis iku kaanggep suci.

27. Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe,nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.

28. Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane,nanging cangkeme wong duraka mbludag piala.

29. Pangeran Yehuwah iku adoh saka wong duraka,nanging pandongane wong bener dipiyarsakake.

30. Sumunaring mripat mbungahake ati,sarta pawarta kang becik nyegerake balung.

31. Wong kang nilingake pameleh kang marakake urip,iku bakal manggon ana ing tengahe para wong wicaksana.

32. Sing sapa nglirwakake pamerdi iku mbuwang awake dhewe,nanging kang ngrungokake pameleh iku oleh kawasisan.

33. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan,lan andhap-asor iku bebukaning kajen.